Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 4:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Sang Prabu nuli yasa misbyah tembaga kang dawane rong puluh asta, ambane rong puluh asta, lan dhuwure sepuluh asta.

2. Sawuse iku banjur damel “segaran” cithakan jembare saka pinggir tekan pinggir sepuluh asta, wangune bunder kepleng, jerone limang asta, kubenge manawa kaukur nganggo tali ana telung puluh asta.

3. Ing pinggire sisih ngisor ana gambare sapi-sapi ing sakubenge nganti kemput, saben saasta sapuluh, nganti sakempute “segaran” iku; sapine jejer loro, kacithak iras-irasan karo wadhahe.

4. “Segaran” mau tumumpang ing sapi rolas, telu marep mangalor, telu marep ngulon, telu marep ngidul lan telu marep ngetan; “segaran” iku tumumpang ing dhuwure, dene buntute manjero.

5. “Segaran” mau kandele saepek-epek, dene lambene kawangun kaya lambening tuwung, kayadene kembang bakung kang mekar. “Segaran” iku bisa isi banyu telung ewu bat.

6. Sarta maneh banjur damel jembangan sepuluh, kang lima diprenahake ing sisih tengen lan kang lima ing sisih kiwa, iku kanggo ngengumbah; apa kang kanggo kurban obaran iku dikumbah ana ing kono, dene “segaran” mau kanggo para imam kagawe sesuci.

7. Sang Prabu nuli damel padamaran emas pitu miturut rancangane, iku kadekek ing Padaleman Suci, lima ing sisih tengen lan lima ing sisih kiwa.

8. Sabanjure yasa meja sepuluh kang kaprenahake ing Padaleman Suci, lima ing sisih tengen lan lima ing sisih kiwa; nuli uga damel bokor panyiraman emas satus.

9. Banjur uga damel plataraning para imam lan plataran amba, apadene lawang-lawanging plataran iku; lawang-lawang mau kalapis tembaga.

10. “Segarane” kaprenahake ing sisih tengen ing kidul wetan.

11. Huram iya gawe kwali, susuk tuwin bokor-bokor panyiraman.Mangkono Huram anggone ngrampungake pagawean kang kudu katindakake awit saka dhawuhe Sang Prabu Suleman kanggo padalemaning Allah,

maca bab lengkap 2 Babad 4