Uga sakehe panggedhe ing antarane para imam lan rakyat padha bola-bali anggone ora setya kanthi patrap nindakake sakehe kanisthane bangsa-bangsa liya. Padaleman kang kasucekake dening Pangeran Yehuwah ana ing Yerusalem digawe najis.