Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 36:1-15 Kitab Sutji (JAV)

1. Rakyat ing nagara banjur ngaturi Pangeran Yoahas, putrane Sang Prabu Yosia, sarta kajumenengake ratu ana ing Yerusalem nggentosi kang rama.

2. Nalika jumeneng ratu iku Pangeran Yoahas yuswa telulikur taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem suwene telung sasi.

3. Sang Prabu nuli kalungsur saka anggone ngasta paprentahan ing Yerusalem dening Sang Nata ing Mesir, sarta nagara iku kadhendha satus talenta selaka lan satalenta emas.

4. Sang Nata ing Mesir banjur njumenengake ratu Pangeran Elyakim, sadhereke Sang Prabu Yoahas, ngratoni Yehuda lan Yerusalem, sarta nyantuni asmane dadi Yoyakim. Nanging Sang Prabu Yoahas, sadhereke mau, katawan dening Sang Prabu Nekho, kabekta menyang ing Mesir.

5. Sang Prabu Yoyakim nalika jumeneng ratu mau yuswa salawe taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase sawelas taun. Sang Nata nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, Gusti Allahe.

6. Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing nagara Babil, nglurugi perang panjenengane; Sang Prabu Yoyakim banjur kablenggu nganggo rante tembaga lan kabekta menyang ing Babil.

7. Piranti ing padalemaning Pangeran Yehuwah ana sawatara kang uga kabekta dening Sang Prabu Nebukadnezar menyang ing Babil lan kadekek ana ing kadhatone ing Babil.

8. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yoyakim, sakehe kanisthan kang katindakake lan kaluputan kang tinemu ana ing panjenengane, lah iku kabeh padha katulisan ana ing buku bab para ratu ing Israel lan ing Yehuda. Pangeran Yoyakhin, kang putra, nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

9. Pangeran Yoyakhin nalika jumeneng ratu iku yuswa wolulas taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem, suwene telung sasi sepuluh dina. Sang Nata nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Yehuwah.

10. Nalika gumantining taun Sang Prabu Nebukadnezar utusan mboyong panjenengane dalah piranti-piranti kang endah-endah kang ana ing padalemaning Pangeran Yehuwah, menyang ing Babil sarta Pangeran Zedhekia sadhereke ramane Prabu Yoyakhin, tumuli kajumenengake ratu ing Yehuda lan Yerusalem.

11. Pangeran Zedhekia nalika jumeneng ratu iku yuswa selikur taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase sawelas taun.

12. Sang Prabu nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, Gustu Allahe lan ora ngesorake sarira ana ing ngarsane Nabi Yeremia, kang sowan kalawan ngemban dhawuhe Pangeran Yehuwah.

13. Sarta maneh panjenengane mbalela marang Sang Prabu Nebukadnezar, kang wus dhawuh marang panjenengane supaya supaos dhemi Allah. Sang Prabu Zedhekia ngakenake githoke lan mangkotake panggalihe sarta ora mratobat marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel.

14. Uga sakehe panggedhe ing antarane para imam lan rakyat padha bola-bali anggone ora setya kanthi patrap nindakake sakehe kanisthane bangsa-bangsa liya. Padaleman kang kasucekake dening Pangeran Yehuwah ana ing Yerusalem digawe najis.

15. Ewasamono Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, mawali-wali anggone paring pepenget lumantar para utusane, amarga saka tresnane marang umate lan papan padalemane.

maca bab lengkap 2 Babad 36