Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 35:23-27 Kitab Sutji (JAV)

23. Para prajurit panahan padha nglepasake panahe marang Sang Prabu Yosia, wasana Sang Nata nuli dhawuh marang para pandhereke: “Ingsun singkirna saka ing kene, awit ingsun ketaton banget!”

24. Para pandhereke padha mindhah panjenengane saka ing kreta titihane menyang ing kreta cadhangan, lan banjur kadherekake kondur menyang ing Yerusalem. Sang Nata tumuli seda lan banjur kasarekake ana ing pasareane para leluhure. Wong satanah Yehuda lan ing Yerusalem kabeh padha nindhakake patangisan, tumuju marang sang Prabu Yosia.

25. Nabi Yeremia nganggit kidung pangadhuh ing bab Sang Prabu Yosia. Lan nganti saprene sakehe juru ngidung lanang lan wadon padha ngrepekake kidung-kidung pangadhuh ing bab Sang Prabu Yosia, sarta iku didadekake sawijining padatan ana ing tanah Israel. Iku kabeh padha katulisan ana ing Kidung Pangadhuh.

26. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yosia lan pandamel-pandamele kang saleh kang cundhuk karo kang katulisan ing Torete Pangeran Yehuwah,

27. yaiku riwayate wiwit wiwitan nganti tumeka ing wekasan, lah iku kabeh padha katulisan ana ing buku bab para ratu ing Israel lan ing Yehuda.

maca bab lengkap 2 Babad 35