Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 35:21 Kitab Sutji (JAV)

Sang Prabu Nekho ngintunake utusan marang Sang Prabu Yosia, kadhawuhan nglantaraken pangandikane kang mangkene: “Panjenengan kagungan urusan punapa kaliyan kula, Sang Prabu ing Yehuda? Wekdal punika kula boten nglurugi panjenengan, nanging nglawan dhateng ratu ingkang saweg kula perangi. Gusti Allah dhawuh dhateng kula supados enggal-enggal tumandang. Milanipun kula aturi nyandekaken karsa panjenengan nglawan dhateng Gusti Allah ingkang nunggil kaliyan kula, supados panjenengan sampun ngantos kasirnakaken dening Panjenenganipun!”

maca bab lengkap 2 Babad 35

tampilan 2 Babad 35:21 ing konteks