Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 35:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Kacarita Sang Prabu Yosia ngriyayakake Paskah kagem Pangeran Yehuwah ana ing Yerusalem. Wedhuse gembel Paskah disembeleh ing tanggal patbelas ing sasi kapisan.

2. Sang Nata mranata kawajibane para imam lan paring pangatag tumrap anggone padha nindakake pagaweane ana ing padalemane Sang Yehuwah.

3. Sang Prabu ngandika marang para wong Lewi, kang padha aweh piwulang marang wong Israel lan para wong kang kasucekake kagem Pangeran Yehuwah: “Pethi suci iku prenahna ana ing dalem yasane Sang Prabu Suleman putrane Sang Prabu Dawud, ratu ing Israel. Ora usah sira usung maneh. Saiki sira padha leladia marang Pangeran Yehuwah, Allahira, lan Israel, umate!

4. Padha cecawisa manut kulawangsanira kaya kang wus kaseratan dening Sang Prabu Dawud, ratu ing Israel, lan Sang Prabu Suleman, kang putra.

5. Sira padha ngadega ana ing plataraning pasucen manut golongane kulawangsane para sadulurira liyane, yaiku golonganing wong lumrah, saben golongane kulawangsane wong Lewi kanggo para sadulurira iku sagolongan.

6. Nuli padha nyembeleha wedhuse gembel Paskah; sira padha nucekna awakira, lan padha nganakna pacawisan kanggo para sadulurira, miturut apa kang kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa.”

7. Sang Prabu Yosia nyumbang marang golonganing wong lumrah arupa wedhus telung puluh ewu, yaiku wedhus gembel lan wedhus berok kang isih enom, kabeh minangka kurban Paskah kanggo sakehe wong kang ana ing kono. Kajaba iku Sang Nata uga nyumbang sapi telung ewu. Kabeh iku saka barang kagungane Sang Prabu.

8. Para panggedhening wadya-bala iya padha paring pasumbang kalawan manasuka marang rakyat, para imam lan para wong Lewi. Sawuse mangkono Imam Agung Hilkia, Sang Zakharia lan Sang Yehiel, para panggedhening padalemaning Allah, padha maringi marang para imam wedhus rong ewu nem atus minangka kurban Paskah lan kajaba iku uga sapi telung atus.

9. Sang Khonanya lan sadhereke loro, Sang Semaya lan Sang Netaneel, sarta Sang Hasabya, Sang Yeiel lan Sang Yozabad, para panggedhening wong Lewi, nyumbang marang para wong Lewi wedhus limang ewu kanggo kurban Paskah sarta kajaba iku sapi limang atus.

10. Bareng upacaraning pangibadah wus kacawisake, para imam banjur padha ngadeg ing ngarepe lan uga para wong Lewi manut golongane miturut dhawuhe Sang Prabu.

11. Wedhus gembel Paskah tumuli disembeleh lan para imam nyiramake getihe saka ing tangane para wong Lewi, dene para wong Lewi padha ngeleti wedhus mau.

12. Nanging kurbane obaran didhewekake, bakal dipasrahake marang golonganing wong lumrah manut golongane kulawangsane; iku kapisungsungake marang Pangeran Yehuwah kaya kang wus katulisan ana ing kitabe Nabi Musa. Mangkono uga sapi-sapine.

13. Sawuse mangkono wong-wong banjur padha manggang wedhuse gembel Paskah ana ing geni, nocogi pranatane, dene pisungsung-pisungsung suci padha kaolah ana ing kwali, ing kenceng utawa ing wajan; iku banjur enggal-enggal kaedumake marang golonganing wong lumrah kabeh.

maca bab lengkap 2 Babad 35