Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 32:4-15 Kitab Sutji (JAV)

4. Tumuli ana wong akeh, kang padha nglumpuk lan nutupi sakehing sumber lan kali kang mili saka ing satengahe nagara. Ujare mangkene: “Apa prelune para ratu ing Asyur satekane banjur padha oleh banyu akeh?”

5. Kanthi ngetog kakiyatan Sang Prabu Hizkia mbangun maneh sakehing tembok kang wus bengkah, lan yasa panggung-panggung ana ing sadhuwure. Uga tembok liyane ing sajabane tembok mau. Sang Prabu nuli uga nyantosani Milo ing kuthane Sang Prabu Dawud sarta banjur yasa tumbak lan tameng akeh banget.

6. Tumuli ngangkat tetindhih-tetindhihing perang kang manggedheni rakyat, padha kadhawuhan nglumpuk ana ing ngarsane ana ing alun-aluning gapurane kutha sarta padha dilejarake atine kalawan pangandikane kang mangkene:

7. “Padha disantosa lan tatag ing ati! Aja padha wedi lan giris marang ratu ing Asyur sawadya-balane kang ngiringake, awit kang ngrewangi kita iku kehe ngungkuli kang ngrewangi dheweke.

8. Kang ngrewangi dheweke iku tangan manungsa, nanging kang ngrencangi kita iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, kang mbiyantu kita lan kang nyarirani perang kita.” Marga saka pangandikane Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda kang mangkono iku rakyat nuli tetep maneh atine.

9. Sawuse iku kang Sang Prabu Sanherib, ratu ing Asyur, kang lagi ngepang Lakhis kalawan wadya-balane kabeh, banjur ngutus punggawa menyang ing Yerusalem, marang Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda lan marang sakehe wong Yehuda kang ana ing Yerusalem:

10. “Makaten pangandikanipun Sang Prabu Sanherib, ratu ing Asyur: Apa kang padha sira arep-arep, dene sira padha tetep ana ing Yerusalem kang kakepung iki?

11. Hizkia iku rak ngapusi sira kabeh, supaya padha mati keluwen lan kasatan, dene kandhane: Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, bakal ngluwari kita saka ing tangane ratu ing Asyur?

12. Rak Hizkia iku ta kang nyingkirake sakehe tengger pangurbanan lan misbyahe Pangeran Yehuwah iku lan kang tutur marang Yehuda lan Yerusalem: Sira mung kudu sujud lan nyembah ana ing ngarepe misbyah siji lan ngobong kurban ana ing kono?

13. Apa sira ora padha sumurup, apa kang suntandukake marang sakehing bangsa ing nagara-nagara liya? Apa para allahe bangsa-bangsa ing nagara iku wus tau bisa nguwalake nagarane saka ing astaningsun?

14. Panunggalane sakehe allahe bangsa-bangsa kang wus katumpes dening para leluhuringsun iku, sapa kang bisa ngluwari bangsane saka ing astaningsun? Apa iya Allahira bisa ngluwari sira kabeh saka ing astaningsun?

15. Mulane saiki, aja nganti Hizkia ngapusi lan mbujuk sira kalawan patrap mangkene iki! Sira aja padha ngandel marang dheweke, amarga ora ana allahe bangsa utawa karajan ngendi bae kang bisa nguwalake bangsane saka ing astaningsun lan saka ing astane para leluhuringsun, apa maneh Allahira iku, mangsa bisaa ngluwari sira kabeh saka ing astaningsun!”

maca bab lengkap 2 Babad 32