Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 32:17-23 Kitab Sutji (JAV)

17. Sang Prabu Sanherib uga damel serat kang kebak panacad lan pangala-ala marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kang surasane mangkene: “Kayadene para allahe bangsa-bangsa sakehe nagara liya ora bisa ngluwari bangsane saka ing astaningsun, mangkono uga Allahe Hizkia iya ora bakal bisa nguwalake bangsane saka ing astaningsun.”

18. Sarta maneh para punggawa mau padha nguwuh-uwuh kalawan swara seru ing basa Yehuda marang rakyat Yerusalem kang ana ing sadhuwure tembok, kanggo memedeni lan gawe girise, supaya bisa ngrebut kutha iku.

19. Anggone padha ngandhakake bab Gusti Allahe Yerusalem iku padha kaya tumrap para allahe bangsa-bangsa liya, gaweaning tangane manungsa.

20. Marga saka iku Sang Prabu Hizkia lan Nabi Yesaya bin Amos banjur ndedonga lan sesambat marang ing swarga.

21. Pangeran Yehuwah nuli ngutus malaekat kang nyirnakake sakehing prawira kang gagah prakosa, para pangarep lan panggedhening wadya-bala kang ana ing pakuwone Sang Nata ing Asyur, satemah banjur padha bali menyang nagarane kalawan nandhang kawirangan. Sang Prabu kasedanan kalawan pedhang dening para putrane piyambak nalika lumebu ing kabuyutane allahe.

22. Kaya mangkono anggone Pangeran Yehuwah ngluwari Sang Prabu Hizkia lan para wong kang manggon ing Yerusalem saka ing astane Sang Prabu Sanherib, ratu ing Asyur, lan saka ing tangane sakehe mungsuhe. Sarta Panjenengane ngganjar katentreman marang wong kabeh ana ing ngendi-endi.

23. Akeh wong kang padha nggawa pisungsung menyang ing Yerusalem kagem Pangeran Yehuwah lan barang-barang kang pengaji kagem Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda mau. Wiwit nalika samana panjenengane kaluhurake dening sakehe bangsa.

maca bab lengkap 2 Babad 32