Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 32:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse lelakon kang mratelakake kasetyane Sang Prabu Hizkia iku, Sang Prabu Sanherib, ratu ing nagara Asyur, rawuh lan nempuh Yehuda. Kutha-kutha beteng padha kakepang, lan bakal karebat.

2. Bareng Sang Prabu Hizkia nguningani manawa Sang Prabu Sanherib rawuh arep merangi Yerusalem,

3. Sang Prabu nuli pirembagan karo para panggedhe lan para prawirane sarta arep nutup sakehe sumber kang ana ing sajabane kutha, kabeh padha nyandikani arep mbiyantu.

4. Tumuli ana wong akeh, kang padha nglumpuk lan nutupi sakehing sumber lan kali kang mili saka ing satengahe nagara. Ujare mangkene: “Apa prelune para ratu ing Asyur satekane banjur padha oleh banyu akeh?”

5. Kanthi ngetog kakiyatan Sang Prabu Hizkia mbangun maneh sakehing tembok kang wus bengkah, lan yasa panggung-panggung ana ing sadhuwure. Uga tembok liyane ing sajabane tembok mau. Sang Prabu nuli uga nyantosani Milo ing kuthane Sang Prabu Dawud sarta banjur yasa tumbak lan tameng akeh banget.

maca bab lengkap 2 Babad 32