Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 3:11-17 Kitab Sutji (JAV)

11. Swiwine kerub-kerub iku gunggunging dawane kabeh ana rong puluh asta;

12. swiwi ing sisihe kerub kang sijine dawane limang asta lan iku notog ing temboking kamar, dene swiwi ing sisih sijine dawane uga limang asta, iku adu pucuk karo swiwining kerub sijine.

13. Dadine swiwine kerub loro-lorone iku egare dawane rong puluh asta; kerub-kerub iku karo-karone ngadeg madhep marang ing dalem gedhe.

14. Sang Prabu banjur damel gubah, kang digawe bakal wungu tuwa, bakal wungu enom, bakal jingga lan lena alus nganggo digambari kerub.

15. Ing sangarepe padaleman didokoki tugu loro kang dhuwure telung puluh lima asta, nganggo krebil ana ing dhuwure, kang dhuwure limang asta.

16. Tumuli damel rerekan rante kang dikalungake ing dhuwure tugu-tugu mau, lan banjur damel rerekan woh dlima satus iji, kapasang ing rerekan rante mau.

17. Tugu-tugune kaadegake ing sangarepe Padaleman Suci, kang siji ana ing sisih tengen lan sijine ana ing sisih kiwa; tugu sing tengen dijenengake Yakhin, dene tugu kiwa dijenengake Boas.

maca bab lengkap 2 Babad 3