Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 28:15-20 Kitab Sutji (JAV)

15. Wong-wong kang tinanggenah kalawan kasebut jenenge, iku tumuli padha mangkat methuk para wong tawanan mau. Sakehe wong kang kawudan padha diwenehi panganggo dijupukake saka jarahan. Wong-wong iku padha diwenehi sandhangan, kasut, mangan lan ngombe. Padha dijebadi kalawan lenga lan sakehe wong kang wus sayah banget nganti ora bisa mlaku padha ditunggangake ing kuldi, digawa menyang ing Yerikho, menyang ing Kutha Wit Kurma, cedhak karo para sadulure. Sawuse mangkono wong Israel mau padha mulih menyang ing Samaria.

16. Ing nalika iku Sang Prabu Akhas utusan marang Sang Nata ing nagara Asyur mundhut bantuan.

17. Marga wong Edom uga wus padha teka lan ngasorake Yehuda sarta mboyongi wong tawanan.

18. Para wong Filisti iya wus padha nempuh marang kutha-kutha ing Tanah Pagunungan ing Tanah Negeb Yehuda, wus padha ngrebut kutha Bet-Semes, Ayalon, Gederot, Sokho dalah sawewengkone, Timna sawewengkone, lan Gomzo sawewengkone sarta banjur padha manggon ing kutha-kutha kono.

19. Kaya mangkono anggone Pangeran Yehuwah ngesorake Yehuda, amarga Sang Prabu Akhas, ratu Israel iku, ngendelake bae marang tindak mblasar kang kelakon ana ing Yehuda sarta wus ora setya marang Pangeran Yehuwah.

20. Sang Prabu Tilgat-Pilneser, ratu ing nagara Asyur, nuli rawuh, mung bae ora sumedya mbiyantu marang panjenengane, nanging arep ngrupeki marang panjenengane.

maca bab lengkap 2 Babad 28