Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 2:5-14 Kitab Sutji (JAV)

5. Wondene padaleman ingkang badhe kula yasa punika kedah ageng, amargi Gusti Allah kula punika langkung luhur tinimbang sakathahing allah.

6. Nanging sinten ingkang kadugi ngyasakaken padaleman Panjenenganipun, awit sanadyan langit malah langit ing sanginggiling sakathahipun langit inggih boten saged ngewrat Panjenenganipun? Mangka kula punika sinten ta, dene kula kok badhe yasa satunggaling padaleman kagem Panjenenganipun, rak namung panggenan kangge mbesmi kurban wonten ing ngarsanipun?

7. Milanipun sapunika, panjenengan mugi karsaa ngintunaken satunggaling tiyang ingkang ahli ing bab dedamelan jene, selaka, tembagi, tosan, kain wungu enem, badhe jingga, badhe wungu sepuh, saha ingkang ugi saged damel ukir-ukiran, supados mbiyantu para ahli ingkang wonten ing kula, ing Yehuda saha ing Yerusalem ingkang sampun sami tinuding rama kula Dawud.

8. Kajawi punika ugi karsaa maringi kajeng eres, kajeng beros saha kajeng cendhana saking ing redi Libanon, awit kula mangretos, bilih ingkang abdi sami pinter negor wit ing Libanon. Dene para tiyang kula badhe mbiyantu para abdi panjenengan

9. supados kula kacawisan kajeng ingkang kathah, amargi padaleman ingkang badhe kula yasa punika kedah ageng tuwin ngedab-edabi.

10. Wondene para tiyang ingkang sami negori wit punika badhe kula cadhongi gandum kalih dasa ewu kor, seir kalih dasa ewu kor, anggur kalih dasa ewu bat, saha lisah kalih dasa ewu bat, minangka bahan tedha kangge para abdi wau.”

11. Sang Prabu Huram, nata ing nagara Tirus, nuli kintun serat wangsulan marang Sang Prabu Suleman, kang surasane mangkene: “Ing sarehne Pangeran Yehuwah ngasihi dhateng umatipun, pramila panjenengan lajeng kajumenengaken dados ratunipun.”

12. Sang Prabu Huram nuli nglajengake pangandikane: “Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun tiyang Israel, ingkang nitahaken langit lan bumi, awit Panjenenganipun sampun maringi dhateng Sang Prabu Dawud satunggaling putra ingkang wicaksana, kapenuhan ing akal budi saha pangretosan, ingkang badhe yasa padaleman kagem Pangeran Yehuwah tuwin kraton kagem sariranipun piyambak.

13. Awit saking punika kula ngintunaken satunggaling ahli, ingkang kapenuhan ing pangretosan, inggih punika Huram Abi,

14. anakipun tiyang estri saking bani Dhan, dene bapakipun tiyang Tirus. Tiyang punika pinter nggarap jene, selaka, tembagi, tosan, sela, kajeng, kain wungu enem, badhe wungu sepuh, lena alus tuwin badhe jingga, saha ugi pinter damel sawernining ukir-ukiran punapa malih sawernining rancangan ingkang kapasrahaken dhateng piyambakipun kanthi kabiyantu dening para ahli panjenengan saha dening para ahlinipun ingkang rama, Sang Prabu Dawud.

maca bab lengkap 2 Babad 2