Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 2:12-18 Kitab Sutji (JAV)

12. Sang Prabu Huram nuli nglajengake pangandikane: “Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun tiyang Israel, ingkang nitahaken langit lan bumi, awit Panjenenganipun sampun maringi dhateng Sang Prabu Dawud satunggaling putra ingkang wicaksana, kapenuhan ing akal budi saha pangretosan, ingkang badhe yasa padaleman kagem Pangeran Yehuwah tuwin kraton kagem sariranipun piyambak.

13. Awit saking punika kula ngintunaken satunggaling ahli, ingkang kapenuhan ing pangretosan, inggih punika Huram Abi,

14. anakipun tiyang estri saking bani Dhan, dene bapakipun tiyang Tirus. Tiyang punika pinter nggarap jene, selaka, tembagi, tosan, sela, kajeng, kain wungu enem, badhe wungu sepuh, lena alus tuwin badhe jingga, saha ugi pinter damel sawernining ukir-ukiran punapa malih sawernining rancangan ingkang kapasrahaken dhateng piyambakipun kanthi kabiyantu dening para ahli panjenengan saha dening para ahlinipun ingkang rama, Sang Prabu Dawud.

15. Lah sapunika panjenengan kula aturi ngintunaken dhateng para abdi panjenengan gandum saha sair, lisah saha anggur, ingkang sampun panjenengan ngandikakaken punika.

16. Kula lajeng sami badhe negori kajeng saking ing redi Libanon, sapinten ingkang panjenengan betahaken saha badhe kula kintunaken dhateng panjenengan kalayan gethek langkung ing seganten ngantos dumugi ing Yafo, panjenengan lajeng saged mbekta dhateng ing Yerusalem.”

17. Sang Prabu Suleman tumuli ngetang sakehe wong manca kang lanang kang ana ing nagara Israel padha kaya kang wus tau katindakake dening Sang Prabu Dawud, kang rama. Ing kono tinemu ana wong satus seket telu ewu nem atus.

18. Lan saka ing antarane iku, pitung puluh ewu didadekake kuli, wolung puluh ewu tukang natah ing pagunungan, lan telung ewu nem atus kadadekake mandhor kang nglurahi kang padha nyambut gawe iku.

maca bab lengkap 2 Babad 2