Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 2:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Sang Prabu Suleman dhawuh yasa padaleman kagem asmaning Yehuwah lan kraton kagem panjenengane piyambak.

2. Sang Prabu Suleman banjur nglempakake kuli pitung puluh ewu, tukang natah ing pagunungan wolung puluh ewu lan mandhor kang ngawat-awati telung ewu nem atus.

3. Sang Prabu Suleman tumuli utusan wong sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Huram, ratu ing nagara Tirus, kadhawuhan ngaturake pangandikane kang wirasane: “Panjenengan mugi karsaa nandukaken dhateng kula, kadosdene ingkang panjenengan tandukaken dhateng rama kula Dawud, nalika panjenengan ngintuni kajeng eres dhateng rama, kagem yasa kraton ingkang badhe dipun dalemi.

4. Kauningana, kula badhe yasa padaleman kagem ing asmanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kula, dadosa sesengkeranipun, supados ing ngarsanipun kabesmia dupa anggi-anggi arum, sarta sesaos roti ajegan tuwin kurban obaran enjing sonten, ing dinten-dinten Sabat lan ing wulan-wulan enggal, punapadene ing riyaya-riyaya ingkang katetepaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kula, amargi sadaya wau dados kuwajibanipun tiyang Israel ing salami-laminipun.

5. Wondene padaleman ingkang badhe kula yasa punika kedah ageng, amargi Gusti Allah kula punika langkung luhur tinimbang sakathahing allah.

6. Nanging sinten ingkang kadugi ngyasakaken padaleman Panjenenganipun, awit sanadyan langit malah langit ing sanginggiling sakathahipun langit inggih boten saged ngewrat Panjenenganipun? Mangka kula punika sinten ta, dene kula kok badhe yasa satunggaling padaleman kagem Panjenenganipun, rak namung panggenan kangge mbesmi kurban wonten ing ngarsanipun?

7. Milanipun sapunika, panjenengan mugi karsaa ngintunaken satunggaling tiyang ingkang ahli ing bab dedamelan jene, selaka, tembagi, tosan, kain wungu enem, badhe jingga, badhe wungu sepuh, saha ingkang ugi saged damel ukir-ukiran, supados mbiyantu para ahli ingkang wonten ing kula, ing Yehuda saha ing Yerusalem ingkang sampun sami tinuding rama kula Dawud.

8. Kajawi punika ugi karsaa maringi kajeng eres, kajeng beros saha kajeng cendhana saking ing redi Libanon, awit kula mangretos, bilih ingkang abdi sami pinter negor wit ing Libanon. Dene para tiyang kula badhe mbiyantu para abdi panjenengan

9. supados kula kacawisan kajeng ingkang kathah, amargi padaleman ingkang badhe kula yasa punika kedah ageng tuwin ngedab-edabi.

10. Wondene para tiyang ingkang sami negori wit punika badhe kula cadhongi gandum kalih dasa ewu kor, seir kalih dasa ewu kor, anggur kalih dasa ewu bat, saha lisah kalih dasa ewu bat, minangka bahan tedha kangge para abdi wau.”

11. Sang Prabu Huram, nata ing nagara Tirus, nuli kintun serat wangsulan marang Sang Prabu Suleman, kang surasane mangkene: “Ing sarehne Pangeran Yehuwah ngasihi dhateng umatipun, pramila panjenengan lajeng kajumenengaken dados ratunipun.”

12. Sang Prabu Huram nuli nglajengake pangandikane: “Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun tiyang Israel, ingkang nitahaken langit lan bumi, awit Panjenenganipun sampun maringi dhateng Sang Prabu Dawud satunggaling putra ingkang wicaksana, kapenuhan ing akal budi saha pangretosan, ingkang badhe yasa padaleman kagem Pangeran Yehuwah tuwin kraton kagem sariranipun piyambak.

13. Awit saking punika kula ngintunaken satunggaling ahli, ingkang kapenuhan ing pangretosan, inggih punika Huram Abi,

maca bab lengkap 2 Babad 2