Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 18:33-34 Kitab Sutji (JAV)

33. Nanging banjur ana sawijining wong kang menthang gandhewa lan nglepasake panah kalawan tanpa tujuan, tuwin ngenani Sang Nata ing Israel pener ing sambunganing pangagemane kere. Sang Prabu nuli ngandika marang kang ngusiri kreta tetindhihe: “Kendhaline ingerna, ingsun gawanen metu saka ing paperangan, sabab ingsun wus ketaton.”

34. Nanging campuhing perang ing dina iku saya nggegirisi, sarta Sang Nata ing Israel tetep jumeneng ana ing kreta titihane adhep-adhepan karo wong Aram nganti sore. Bareng srengenge surup, Sang Prabu Seda.

maca bab lengkap 2 Babad 18