Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 17:5-8 Kitab Sutji (JAV)

5. Awit saka iku karajan kang dikuwaosi kasantosakake dening Pangeran Yehuwah. Wong sa-Yehuda kabeh padha nyaosake pisungsung marang Sang Prabu Yosafat, satemah panjenengane banjur dadi sugih lan diluhurake banget.

6. Kalawan kencenging panggalih Sang Prabu anggone lumampah ing dalan pitedahing Yehuwah. Panjenengane uga nyingkirake sakehe tengger pangurbanan lan tugu brahala saka ing tanah Yehuda.

7. Ing taun kang katelune paprentahane, Sang Prabu utusan para panggedhene sawatara, yaiku Sang Obaja, Zakharia, Nataneel lan Sang Mikhaya, padha kadhawuhan mulang ana ing kutha-kutha ing tanah Yehuda.

8. Tindake dikantheni wong Lewi sawetara, yaiku Sang Semaya, Netanya, Zebaja, Asael, Semiramot, Yonatan, Adnia, Tobia lan Tob-Adhonia sarta Imam Elisama lan Imam Yoram.

maca bab lengkap 2 Babad 17