Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 15:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Kacarita Nabi Azarya, bin Odhed katedhakan ing Rohing Allah,

2. banjur seba marang ing ngarsane Sang Prabu Asa sarta munjuk marang panjenengane: “Kawula aturi miyarsakaken dhumateng kawula, dhuh Sang Prabu Asa tuwin Yehuda saha Benyamin sadaya! Pangeran Yehuwah badhe nganthi dhumateng paduka sadaya uger paduka sami ndherek ing Panjenenganipun. Manawi paduka sami ngupadosi Panjenenganipun, Panjenenganipun rena, samangsa paduka sowani. Nanging manawi paduka sami nyingkur dhateng Panjenenganipun, badhe tinilar ing Panjenenganipun.

3. Sampun ndangu sanget Israel anggenipun tampa Gusti Allah ingkang leres, tanpa piwulang saking imam saga tanpa angger-angger.

4. Nanging ing salebeting karupekan sami mratobat dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel. Sami ngupadosi Panjenenganipun, Panjenenganipun inggih rena dipun sowani.

5. Nalika samanten boten wonten tiyang ingkang saged kekesahan lan mantuk kanthi wilujeng, amargi sakathahing tiyang ingkang manggen ing dhaerah-dhaerah sami ngalami kawontenan ingkang ruwet,

6. bangsa-bangsa sami gecak-ginecak, kitha-kitha sami risak-rinisak, awit sami kakisruhaken dening Gusti Allah kanthi karupekan mawarni-warni.

7. Nanging paduka sadaya punika, sami kawula aturi santosa ing panggalih, sampun ngantos sami kendho, amargi paduka sami kacawisan pituwas!”

8. Bareng Sang Prabu Asa mudhanget atur pamecane Nabi Azarya bin Odhed mau, Sang Prabu banjur ngiyatake panggalihe lan nuli nyingkirake dewa-dewaning kanisthan saka ing saindenge tanah Yehuda lan Benyamin lan saka ing kutha-kutha kang karebut ana ing pagunungan Efraim. Misbyahing Yehuwah kang ana ing sangarepe srambining Padaleman Sucine Pangeran Yehuwah dianyarake.

9. Wong ing sawewengkone Yehuda lan Benyamin lan wong Efraim, Manasye lan Simeon kang neneka ana ing satengahe padha diklumpukake kabeh, amarga wong Israel nalika sumurup, manawa Sang Yehuwah, Gusti Allahe, nunggil kalawan Sang Prabu, akeh kang padha mbalik ngawula marang panjenengane.

maca bab lengkap 2 Babad 15