Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 13:4-14 Kitab Sutji (JAV)

4. Sang Prabu Abia nuli jumeneng ana ing sadhuwure gunung Zemaraim, kang kegolong pagunungan Efraim, lan ngandika: “Padha ngrungokna ing pituturku, he Yerobeam lan sakehe wong Israel!

5. Apa kowe ora padha sumurup, manawa karajan Israel iku wus kaparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel marang Prabu Dawud lan para tedhak turune kanggo ing salawas-salawase kalawan prajanjian kang mawa uyah?

6. Nanging Yerobeam bin Nebat, abdine Prabu Suleman, putrane Prabu Dawud, iku banjur ngraman mbalela marang gustine.

7. Para wong kang tanpa pikiran lan para durjana padha manunggal karo dheweke; wong-wong iku kakuwatane ngluwihi Sang Prabu Rehabeam putrane Sang Prabu Suleman, kang isih timur lan kang panggalihe durung santosa, sarta ora bisa nanggulangi wong-wong mau.

8. Kowe kabeh mesthi padha ngira, manawa bisa nanggulangi karajaning Yehuwah, kang diasta dening para tedhaking Sang Prabu Dawud, amarga cacah-jiwamu akeh banget sarta kowe padha duwe pedhet emas gaweane Yerobeam kang kadadekake allahmu.

9. Kowe rak wus padha nyingkirake para imame Pangeran Yehuwah, para tedhake Imam Harun, apadene para wong Lewi, banjur ngangkat imam-imam manut patrape bangsa-bangsa nagara-nagara liya, satemah saben wong kang teka, supaya diangkat, kalawan nggawa pedhet lanang siji lan wedhus lanang pitu, iku banjur didadekake imam kanggo kang dudu Gusti Allah.

10. Nanging aku kabeh iki, Pangeran Yehuwah kang jumeneng dadi Gusti Allahku, lan iku ora padha daksingkur. Sarta para tedhake Imam Harun kang leladi marang Pangeran Yehuwah minangka imam, dene para wong Lewi padha nindakake kawajibane,

11. yaiku saben esuk lan sore padha ngobong kurban obaran lan dupa wangi kagem Pangeran Yehuwah, sarta roti sesaosan ana ing meja kang suci, tuwin nata padamaran emas sadamar-damare, kang disumed ing saben sore, amarga aku kabeh kang tansah nindakake kawajibanku kang tumuju marang Sang Yehuwah, Gusti Allahku, nanging kowe kabeh iku kang padha ninggal Panjenengane.

12. Lah aku padha katuntun dening Gusti Allah, dene para imame padha siyaga arep ngunekake tengara panempuhing perang nglawan kowe kabeh kanthi kalasangka. He wong Israel, kowe aja padha perang nglawan marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu kabeh, awit kowe ora bakal padha oleh gawe!”

13. Nanging Sang Prabu Yerobeam banjur ngintunake wadya-bala pendhem, kang kadhawuhan lumaku mubeng nganti tekan ing saburine wadya-bala Yehuda, dadine wadya-bala kang baku ana ing ngarepe Yehuda lan bala pendhem ana ing burine.

14. Bareng Yehuda noleh, lah padha katempuh perang saka ing ngarep lan saka ing buri. Mulane banjur padha sesambat marang Pangeran Yehuwah, dene para imam padha ngunekake kalasangka,

maca bab lengkap 2 Babad 13