Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 13:15-22 Kitab Sutji (JAV)

15. sarta para prajurit Yehuda padha surak. Nalika wong Yehuda padha surak, Gusti Allah ngawonake Prabu Yerobeam dalah wong Israel kabeh ana ing ngarsane Sang Prabu Abia lan ing ngarepe Yehuda.

16. Wong Israel padha keplayu ana ing ngarepe Yehuda, lan dipasrahake dening Gusti Allah marang ing tangane Yehuda,

17. dadine padha banget anggone kaasorake dening Sang Prabu Abia lan sabalane; wong Israel kang mati limang atus ewu, wong pepilihan,

18. kaya mangkono anggone wong Israel padha katelukake nalika samana, dene wong Yehuda dadi saya santosa, amarga padha ngendelake Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.

19. Sang Prabu Yerobeam kabujeng dening Sang Prabu Abia sarta kuthane karebut sawetara yaiku Betel lan sawewengkone, Yesana lan sawewengkone sarta Efron lan sawewengkone.

20. Ing nalika jamane Sang Prabu Abia, Sang Prabu Yerobeam ora nate angsal kakiyatan maneh sarta banjur kagebag dening Pangeran Yehuwah dadi lan sedane.

21. Nanging Sang Prabu Abia dadi saya gedhe pangwaose. Sang Prabu mundhut garwa patbelas lan kagungan putra kakung rolikur lan putra putri nembelas.

22. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Abia, apa kang katindakake lan kapangandikakake, iku katulisan ana ing buku sejarahe Nabi Idho.

maca bab lengkap 2 Babad 13