Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 13:12-16 Kitab Sutji (JAV)

12. Lah aku padha katuntun dening Gusti Allah, dene para imame padha siyaga arep ngunekake tengara panempuhing perang nglawan kowe kabeh kanthi kalasangka. He wong Israel, kowe aja padha perang nglawan marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu kabeh, awit kowe ora bakal padha oleh gawe!”

13. Nanging Sang Prabu Yerobeam banjur ngintunake wadya-bala pendhem, kang kadhawuhan lumaku mubeng nganti tekan ing saburine wadya-bala Yehuda, dadine wadya-bala kang baku ana ing ngarepe Yehuda lan bala pendhem ana ing burine.

14. Bareng Yehuda noleh, lah padha katempuh perang saka ing ngarep lan saka ing buri. Mulane banjur padha sesambat marang Pangeran Yehuwah, dene para imam padha ngunekake kalasangka,

15. sarta para prajurit Yehuda padha surak. Nalika wong Yehuda padha surak, Gusti Allah ngawonake Prabu Yerobeam dalah wong Israel kabeh ana ing ngarsane Sang Prabu Abia lan ing ngarepe Yehuda.

16. Wong Israel padha keplayu ana ing ngarepe Yehuda, lan dipasrahake dening Gusti Allah marang ing tangane Yehuda,

maca bab lengkap 2 Babad 13