Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 13:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing taun kang kaping wolulase jamane Sang Prabu Yerobeam, Pangeran Abia jumeneng ratu ana ing Yehuda.

2. Anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase telung taun. Kang ibu asmane Mikhaya, putri putrane Sang Uriel saka ing Gibea. Sang Prabu Abia lan Sang Prabu Yerobeam iku padha peperangan.

3. Sang Prabu Abia miwiti perang kadherekake wadya-bala kang prawira ing jurit, kang gunggunge patang atus ewu wong pilihan, dene Sang Prabu Yerobeam anggone nata pabarisane kanggo nglawan panjenengane, kalawan prajurit pepilihan, para prawira kang gagah prakosa, cacahe wolung atus ewu.

4. Sang Prabu Abia nuli jumeneng ana ing sadhuwure gunung Zemaraim, kang kegolong pagunungan Efraim, lan ngandika: “Padha ngrungokna ing pituturku, he Yerobeam lan sakehe wong Israel!

5. Apa kowe ora padha sumurup, manawa karajan Israel iku wus kaparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel marang Prabu Dawud lan para tedhak turune kanggo ing salawas-salawase kalawan prajanjian kang mawa uyah?

6. Nanging Yerobeam bin Nebat, abdine Prabu Suleman, putrane Prabu Dawud, iku banjur ngraman mbalela marang gustine.

7. Para wong kang tanpa pikiran lan para durjana padha manunggal karo dheweke; wong-wong iku kakuwatane ngluwihi Sang Prabu Rehabeam putrane Sang Prabu Suleman, kang isih timur lan kang panggalihe durung santosa, sarta ora bisa nanggulangi wong-wong mau.

8. Kowe kabeh mesthi padha ngira, manawa bisa nanggulangi karajaning Yehuwah, kang diasta dening para tedhaking Sang Prabu Dawud, amarga cacah-jiwamu akeh banget sarta kowe padha duwe pedhet emas gaweane Yerobeam kang kadadekake allahmu.

9. Kowe rak wus padha nyingkirake para imame Pangeran Yehuwah, para tedhake Imam Harun, apadene para wong Lewi, banjur ngangkat imam-imam manut patrape bangsa-bangsa nagara-nagara liya, satemah saben wong kang teka, supaya diangkat, kalawan nggawa pedhet lanang siji lan wedhus lanang pitu, iku banjur didadekake imam kanggo kang dudu Gusti Allah.

10. Nanging aku kabeh iki, Pangeran Yehuwah kang jumeneng dadi Gusti Allahku, lan iku ora padha daksingkur. Sarta para tedhake Imam Harun kang leladi marang Pangeran Yehuwah minangka imam, dene para wong Lewi padha nindakake kawajibane,

maca bab lengkap 2 Babad 13