Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 12:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Kacarita, bareng karajane wus santosa lan pangwaose wus dadi kukuh, Sang Prabu Rehabeam dalasan Israel kabeh padha nyingkur marang angger-anggering Yehuwah.

2. Ing taun kang kaping limane jamane Sang Prabu Rehabeam, Sang Prabu Sisak, nata ing Mesir, nempuh Yerusalem -- amarga kabeh wus padha ora setya marang Pangeran Yehuwah --

3. kalawan kreta sewu rong atus lan wadya-bala jaranan sawidak ewu, dene rakyat kang ndherek saka ing Mesir cacahe tanpa wilangan, yaiku wong Libia, wong Suki lan wong Etiopia.

4. Kutha-kutha beteng ing Yehuda padha karebut dening Sang Prabu, malah banjur wus cedhak karo Yerusalem.

5. Ing kono Nabi Semaya banjur manggihi Sang Prabu Rehabeam lan para panggedhene Yehuda, kang padha nglumpuk ana ing Yerusalem, amarga saka pangancame Sang Prabu Sisak, sarta matur mangkene: “Pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Sira wus padha ninggal marang Ingsun, mulane Ingsun iya nilar sira kabeh ana ing pangwasane Sisak.”

6. Para panggedhe Israel lan Sang Nata banjur padha nalangsa sarta ngandika: “Pangeran Yehuwah iku kang leres!”

7. Bareng Sang Yehuwah mirsa, manawa wong-wong padha nalangsa, banjur ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Semaya, surasane mangkene: “Wong-wong iku wus padha ngesorake awake, mulane ora bakal Sunsirnakake, bakal enggal Sunluwari lan mulad-mulading bebenduningSun ora bakal kaesokake marang Yerusalem lumantar Sisak.

8. Nanging bakal padha dadi bature, supaya padha bisaa mbedakake ngabekti marang Ingsun karo sujud marang karajan-karajan ing donya.”

maca bab lengkap 2 Babad 12