Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 11:7-18 Kitab Sutji (JAV)

7. Bet-zur, Sokho, Adulam,

8. Gat, Mares, Zif,

9. Adoraim, Lakhis, Azeka,

10. Zora, Ayalon lan Hebron, kang dumunung ana ing Yehuda lan ing Benyamin, padha kadadekake kuta-beteng.

11. Kutha-kutha beteng iku padha disantosani lan didekeki panggedhene wadya-bala lan tandhon pangan, lenga lan anggur;

12. saben kutha uga dicawisi tameng lan tumbak. Kutha-kutha mau padha disantosani banget. Kaya mangkono dadine Yehuda lan Benyamin iku dikwaosi dening panjenengane.

13. Para imam lan para wong Lewi ing wewengkon Israel kabeh padha teka saka ing papan panggonane lan banjur ndherek marang panjenengane.

14. Para wong Lewi anggone padha ninggal panggonane lan barang darbeke lan banjur padha menyang ing Yehuda lan Yerusalem iku, marga Sang Prabu Yerobeam sarta para putrane padha ora marengake wong-wong mau padha dadi imaming Yehuwah,

15. lan tumuli ngangkat imam-imam piyambak kanggo tetengger-tetengger pangurbanan, kanggo para jim lan kanggo pepethan-pepethan pedhet kang wus kayasa.

16. Saka panunggalane suku Israel kabeh iya ana wong kang padha menyang ing Yerusalem padha nusul marang para wong Lewi mau, yaiku wong kang wus nggemblengake atine sumedya ngupaya Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel; sarta tekane iku arep saos kurban marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.

17. Kalawan mangkono dadine wong mau padha nyantosakake karajan Yehuda lan nguwatake paprentahane Sang Prabu Rehabeam, putrane Sang Prabu Suleman, ing sajroning telung taun, amarga ing sajroning telung taun iku wong-wong padha ngambah ing margine Sang Prabu Dawud lan Sang Prabu Suleman.

18. Sang Prabu Rehabeam banjur mundhut garwa Sang Putri Mahalat, putri putrane Sang Yerimot putrane Sang Prabu Dawud, patutan karo Sang Putri Abihail, putri putrane Sang Elhiab, putrane Sang Isai,

maca bab lengkap 2 Babad 11