Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 11:16-23 Kitab Sutji (JAV)

16. Saka panunggalane suku Israel kabeh iya ana wong kang padha menyang ing Yerusalem padha nusul marang para wong Lewi mau, yaiku wong kang wus nggemblengake atine sumedya ngupaya Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel; sarta tekane iku arep saos kurban marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.

17. Kalawan mangkono dadine wong mau padha nyantosakake karajan Yehuda lan nguwatake paprentahane Sang Prabu Rehabeam, putrane Sang Prabu Suleman, ing sajroning telung taun, amarga ing sajroning telung taun iku wong-wong padha ngambah ing margine Sang Prabu Dawud lan Sang Prabu Suleman.

18. Sang Prabu Rehabeam banjur mundhut garwa Sang Putri Mahalat, putri putrane Sang Yerimot putrane Sang Prabu Dawud, patutan karo Sang Putri Abihail, putri putrane Sang Elhiab, putrane Sang Isai,

19. iku mbabar putra-putra kakung: Pangeran Yeusy, Semarya lan Zaham.

20. Sawuse Sang Putri Mahalat, Sang Prabu nuli nggarwa Sang Putri Maakha, putri putrane Pangeran Absalom; iku peputra: Pangeran Abia, Atai, Ziza, lan Selomit.

21. Sang Prabu Rehabeam anggone asih marang Sang Putri Maakha, putri putrane Pangeran Absalom, ngungkuli katresnane marang sakehe garwane padmi lan garwane paminggir -- garwane padmi Sang Prabu iku wolulas dene garwane paminggir sawidak; iku padha peputra, kang kakung wolulikur, kang putri sawidak.

22. Pangeran Abia, putrane Sang Putri Maakha, kawisuda dening Sang Prabu Rehabeam dadi panggedhe, yaiku kang nglurahi para sadhereke, amarga karsane bakal kajumenengake ratu.

23. Awit saka iku Sang Prabu nuli tumindak kanthi kawicaksanan, para putrane liyane kabeh padha kasebar ing sawewengkone Yehuda lan Benyamin kabeh, ing sakehe kutha-beteng. Iku padha kaparingan dhahar nganti mblabur sarta padha dipundhutake garwa akeh.

maca bab lengkap 2 Babad 11