Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 11:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Sarawuhe ing Yerusalem Sang Prabu Rehabeam nuli ngempalake turune Yehuda lan Benyamin, satus wolung puluh ewu, wong nonoman kang sembada ing perang, karsane arep merangi wong Israel, supaya karajan iku bali maneh marang panjenengane.

2. Nanging banjur ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Semaya, abdining Allah mangkene:

3. “Sira tutura marang Rehabeam, anake Suleman, ratu ing Yehuda, lan marang wong Israel kang ana ing Yehuda kabeh lan kang ana ing Benyamin, mangkene:

4. Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Sira aja padha nglurug lan perang nglawan para sadulurira. Sira padha muliha menyang ing omahira dhewe-dhewe, sabab Ingsun kang karya lelakon iki.” Wong kabeh padha ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah lan banjur padha mulih ora nglurugi perang Yerobeam.

5. Sang Prabu Rehabeam akedhaton ana ing Yerusalem lan nyantosani kutha-kutha beteng ing Yehuda.

6. Kang disantosani Betlehem, Etam, Tekoa,

7. Bet-zur, Sokho, Adulam,

8. Gat, Mares, Zif,

9. Adoraim, Lakhis, Azeka,

10. Zora, Ayalon lan Hebron, kang dumunung ana ing Yehuda lan ing Benyamin, padha kadadekake kuta-beteng.

11. Kutha-kutha beteng iku padha disantosani lan didekeki panggedhene wadya-bala lan tandhon pangan, lenga lan anggur;

12. saben kutha uga dicawisi tameng lan tumbak. Kutha-kutha mau padha disantosani banget. Kaya mangkono dadine Yehuda lan Benyamin iku dikwaosi dening panjenengane.

13. Para imam lan para wong Lewi ing wewengkon Israel kabeh padha teka saka ing papan panggonane lan banjur ndherek marang panjenengane.

maca bab lengkap 2 Babad 11