Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 10:8-10 Kitab Sutji (JAV)

8. Nanging Sang Prabu ora karsa ndhahar atur pamrayogane para pinituwa mau lan tumuli mundhut rembuge para nonoman barakane kang padha ngamping-ampingi panjenengane,

9. mangkene pangandikane: “Kapriye pamrayoganira, kapriye anggon kita mangsuli marang rakyat kang matur marang ingsun: Paduka mugi karsaa ngenthengaken tetanggelan ingkang kaparingaken dhumateng kawula sadaya dening rama dalem.”

10. Para nonoman kang sabarakan kalawan panjenengane mau tumuli padha munjuk: “Tiyang-tiyang ingkang sami matur dhumateng panjenengan dalem: Rama dalem sampun ngawrataken tetanggelanipun dalem, nanging panjenengan dalem mugi karsaa ngenthengaken, punika sumangga kaparingana wangsulan makaten: Jenthikingsun luwih gedhe tinimbang bangkekane ramaningsun.

maca bab lengkap 2 Babad 10