Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 10:16-19 Kitab Sutji (JAV)

16. Bareng wong Israel kabeh sumurup, manawa Sang Nata ora karsa minangkani panyuwune, rakyat banjur matur marang Sang Prabu:“Kita angsal panduman punapa saking Dawud?Kita boten angsal warusan saking anakipun Isai!Padha balia menyang ing tarubmu dhewe-dhewe he, wong Israel!Saiki urusen dhewe omahmu, he Dawud!”Wong Israel kabeh banjur padha lunga mulih menyang ing tarube,

17. satemah Sang Prabu Rehabeam mung ngratoni wong Israel kang padha manggon ing kutha-kuthane Yehuda.

18. Sawuse mangkono Sang Prabu Rehabeam utusan Hadoram lelurahe para wong nyangga karya nanging iku banjur dibenturi watu dening wong Israel nganti mati, malah Sang Prabu Rehabeam meh-meh bae ora bisa nitih ing kretane nalika banjur ngungsi menyang ing Yerusalem.

19. Kaya mangkono anggone wong Israel padha mbalela marang brayate Sang Prabu Dawud nganti tumeka ing dina iki.

maca bab lengkap 2 Babad 10