Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 1:3-10 Kitab Sutji (JAV)

3. Sang Prabu Suleman banjur tindak menyang ing tengger pangorbanan ing Gibeon kadherekake dening wong sapasamuwan mau kabeh, amarga ana ing kono dununge Tarub Pasewakaning Allah yasane Nabi Musa, abdining Yehuwah, ana ing pasamunan.

4. -- Nanging Sang Prabu Dawud wus mboyong pethining Allah saka Kiryat-Yearim menyang ing papan kang wus kacawisake, -- sabab panjenengane wus ngyasakake tarub ana ing Yerusalem.

5. Nanging misbyah tembaga gaweane Bezaleel bin Uri bin Hur isih ana ing kono ana ing ngarepe Tarub Sucining Allah. Iya iku kang dipurugi Sang Prabu Suleman karo pasamuwan mau perlu nyuwun pitedah marang Pangeran Yehuwah.

6. Ana ing kono Sang Prabu Suleman nyaosake kurban ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah ana ing misbyah tembaga ing sangarepe Tarub Pasewakan. Sang Prabu ana ing kono ngunjukake kurban obaran sewu.

7. Bareng bengine dina iku uga Gusti Allah ngatingal marang Sang Prabu Suleman lan ngandika marang panjenengane: “Sira nyuwun apa kang bakal Sunparingake marang sira?”

8. Unjuke Sang Prabu Suleman marang Gusti Allah: “Paduka sampun ngatingalaken sih-kadarman Paduka ingkang ageng dhumateng bapa kawula Dawud, saha sampun njumenengaken ratu kawula, nggentosi bapa kawula wau.

9. Milanipun sapunika, dhuh Yehuwah Allah, Paduka mugi karsaa ngatingalaken kiyating janji Paduka dhumateng bapa kawula Dawud, amargi kawula sampun Paduka jumenengaken dados ratuning bangsa, ingkang kathahipun kados lebuning siti.

10. Paduka sapunika mugi karsaa paring kawicaksanan saha kawasisan, supados kawula saged mlebet medal dados panuntuning bangsa punika, awit sinten ingkang saged ngakimi bangsa ingkang ageng punika?”

maca bab lengkap 2 Babad 1