Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 1:13-17 Kitab Sutji (JAV)

13. Sang Prabu Suleman nuli tindak saka ing tengger pangurbanan ing Gibeon, saka ing ngarepe Tarub Pasewakan, kondur menyang ing Yerusalem sarta banjur ngasta paprentahan ing Israel.

14. Sang Prabu Suleman tumuli nglempakake kreta lan wadya-bala jaranan, nganti kagungan kreta sewu patang atus lan wadya-bala jaranan rolas ewu, kabeh padha kapanggonake ana ing kutha-kutha panggonan kreta lan cedhak karo Sang Prabu ana ing Yerusalem.

15. Sang Prabu ndadekake kehing emas lan selaka ing Yerusalem nganti padha karo watu, lan kehing wit kayu eres padha karo wit sikma kang ana ing Tanah Pagunungan.

16. Jaran kang kagem Sang Prabu Suleman iku ditekakake saka ing tanah Mesir lan saka ing tanah Kewe; para sudagare Sang Prabu anggone kulak iku saka ing Kewe kanthi rega pasar.

17. Kreta siji kang ditekakake saka ing tanah Mesir iku regane nganti nem atus sekel selaka, lan jaran siji nganti satus seket sekel; lan kaya mangkono uga anggone padha ngedol iku marang sakehing ratune bangsa Het lan marang para ratu ing tanah Aram.

maca bab lengkap 2 Babad 1