Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 9:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Ana sawijining wong saka tlatah Benyamin, jenenge Kisy bin Abiel, bin Zeror, bin Bekhorat, bin Afiah, wong suku Benyamin, iku wong kang sugih.

2. Wong mau duwe anak lanang, jenenge Saul, isih enom lan bagus rupane; ora ana wong siji bae saka antarane wong Israel, kang ngungkuli baguse; dhuwure ngungkuli wong sabangsane kabeh, kabeh mung sapundhake.

3. Kisy, bapakne Saul mau kelangan kuldi-kuldine wadon, mulane ngatag marang Saul, anake: “Ngajaka batur salah siji, cecepaka lan mangkata nggolekana kuldine.”

4. Nuli padha budhal njlajahi pagunungan Efraim, lakune uga ngliwati tanah Salisa, nanging kuldine ora ketemu. Banjur njlajahi tanah Sahalim, nanging kuldine iya ora ana; wusana njlajahi tanah Benyamin, nanging uga ora ketemu.

5. Bareng lakune tekan ing tanah Zuf, Saul tutur marang bature kang melu: “Payo padha mulih. Mengko bapak wis ora nggalih marang kuldine maneh, nanging genti nyumelangake aku lan kowe.”

6. Nanging wong mau clathu: “Mangke rumiyin, ing kitha punika rak wonten abdinipun Gusti Allah, ingkang kajen keringan; punapa ingkang dipun ngandikakaken mesthi kelampahan. Sumangga sami sowan mrika sapunika, bokmanawi saged ngandika bab anggen kula sami kekesahan punika.”

7. Wangsulane Saul marang bature: “Nanging manawa aku padha mrana, apa kang dakcaosake marang wong sidik iku? Amarga roti ing kasangku wis entek, ora ana oleh-oleh kang kena dakaturake marang abdine Gusti Allah iku. Aku padha duwe apa?”

8. Wangsulane si batur marang Saul: “Kula taksih mbekta saprasekawan sekel selaka, punika saged kula aturaken dhateng abdinipun Gusti Allah, panjenenganipun tamtu lajeng badhe ngandika bab anggen kita kekesahan punika.”

9. Dhek biyen, ing antarane wong Israel, samangsa ana wong kang arep nyuwun pitedahe Gusti Allah, iku ngucap mangkene: “Payo padha sowan marang wong sidik,” awit nabi kang saiki iki dhek biyen disebut: wong sidik.--

10. Saul banjur tutur marang bature: Panemumu iku becik. Payo padha mrana!” Wong loro mau banjur padha mangkat menyang ing kutha, menyang ing daleme abdine Gusti Allah mau.

11. Bareng tekan ing unggah-unggahane kutha iku, kapethuk para prawan kang padha metu arep ngangsu. Banjur padha takon marang prawan-prawan iku: “Tiyang sidik punapa wonten ing ngriki?”

maca bab lengkap 1 Samuel 9