Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 8:12-22 Kitab Sutji (JAV)

12. panjenengane bakal ngangkat wong-wong iku dadi panggedhening bala sewu lan panggedhene bala seket; bakal padha nggarap pategalane lan ngeneni kagem panjenengane; nggawekake gegaman lan pirantining kretane.

13. Anak-anakmu wadon bakal padha kapundhut dadi juru nyampur bumbon wangen, dadi padang lan juru ngolah dhaharan.

14. Sabanjure saka pategalanmu, pakebonanmu anggur lan jaitun bakal dipundhuti kang becik dhewe lan diparingake marang para punggawane,

15. Gandum lan wohing pakebonanmu anggur bakal kapundhutan saprasepuluhe lan diparingake marang para punggawa ing kratone lan punggawa-punggawa liyane.

16. Baturmu lanang lan wadon, rajakayamu kang becik dhewe lan kuldi-kuldimu bakal dipundhuti lan dimegawekake.

17. Wedhus-wedhusmu bakal dipundhut kang saprasepuluhe, lan kowe dhewe bakal padha dadi abdine.

18. Ing wektu iku kowe bakal padha sesambat jalaran saka ratu pilihanmu, nanging Sang Yehuwah ora bakal paring wangsulan marang kowe.”

19. Nanging bangsa iku ora gelem ngrungokake marang pangandikane Nabi Samuel, malah kawetu ature: “Boten kedah wonten ratu ingkang ngereh kula;

20. kula sageda nyameni bangsa-bangsa sanes; ratu kula badhe ngakimi kula lan mimpin kula wonten ing peperangan.”

21. Sawise Nabi Samuel miyarsa sakehing ature bangsa iku banjur munjuk bab iku marang Sang Yehuwah.

22. Sang Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Samuel: “Panyuwune turutana, lan ngadegna ratu kanggo wong-wong iku.” Nabi Samuel banjur ngandika marang wong Israel: “Wis padha muliha, menyang kuthamu dhewe-dhewe!”

maca bab lengkap 1 Samuel 8