Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 8:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng Nabi Samuel wis sepuh, putrane kakung diangkat dadi hakime wong Israel.

2. Asmane putrane kang pembajeng Yoel lan kang panenggak Abia, sakarone dadi hakim ana ing Bersyeba.

3. Nanging putrane iku tindak-tanduke ora kaya ramane, mburu kauntungan, nampani besel lan ndhoyongake pangadilan.

4. Mulane para tuwa-tuwane Israel padha ngumpul banjur sowan marang ngarsane Nabi Samuel ing Rama,

5. sarta matur: “Panjenengan sampun sepuh lan putra-putra panjenengan tindak-tandukipun boten kados panjenengan; milanipun mugi kaparenga njumenengaken ratu ingkang ngereh kula kados dene bangsa sanes-sanesipun.”

6. Nalika padha matur: “Kula mugi kaparingana ratu ingkang ngereh kula,” tembung iku ora dadi renane Nabi Samuel, mulane Nabi Samuel banjur ndedonga marang Sang Yehuwah.

maca bab lengkap 1 Samuel 8