Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 6:12-21 Kitab Sutji (JAV)

12. Sapi-sapi iku terus bae metu ing dalan kang anjog ing Bet-Semes, ngliwati ratan gedhe karo mbengah sarta ora menggok nengen utawa ngiwa, dene para ratu-kuthane wong Filisti iku padha tindak ngetutake lakune nganti tutug ing tlatah Bet-Semes.

13. Para wong ing Bet-Semes lagi padha ngeneni gandum ana ing lebak. Bareng padha ndengengek weruh pethi mau lan padha bungah atine.

14. Karetane iku teka ing pategalane Yusak, wong ing Bet-Semes lan mandheg ana ing kono. Ing kono ana watu gedhe. Wong iku padha nyigari kayune kareta mau lan sapine disaosake minangka kurban obaran marang Sang Yehuwah.

15. Para wong Lewi padha ngudhunake pethine Sang Yehuwah, dalah pethi ing sandhinge kang isi barang mas-masan, banjur ditumpangake ing watu gedhe iku, lan ing dina iku para wong ing Bet-Semes padha nyaosake kurban obaran lan kurban sembelehan marang Sang Yehuwah.

16. Bareng para ratune kutha wong Filisti lima-limane padha mirsa prakara iku, ing dina iku uga padha kondur bali menyang ing Ekron.

17. Dene pepethaning wudun emas kang disaosake wong Filisti marang Sang Yehuwah minangka tebusaning kaluputan: saka Asdod siji, saka Gaza siji, saka Askelon siji, saka Gat siji, saka Ekron siji.

18. Mangkono uga tikus-tikusan emas, manut cacahe sakehing kutha-kuthane wong Filisti, kagungane para ratu-kutha lelima iku, iya kutha kang abebeteng iya desa-desa ing saubenge; dene watu gedhe kang ditumpangi pethine Sang Yehuwah ing pategalane Yusak, wong ing Bet-Semes mau, iku dadi seksi tumeka saprene.

19. Lan Panjenengane ngukum pati wong Bet-Semes sawetara, awit padha ngungak ing jerone pethine Sang Yehuwah; Panjenengane mejahi wong pitung puluh, rakyat ing kono. Wong-wong ing kono padha prihatin, amarga Sang Yehuwah wus ndhawahake wewelak kang ngebat-ebati marang wong-wong iku.

20. Lan wong ing Bet-Semes padha ngucap: “Sapa ta kang betah adu arep karo Sang Yehuwah, Gusti Allah kang suci iku? Menyang ngendi bakal tindake sawise nilar kita iki?”

21. Tumuli padha kongkonan marani wong ing Kiryat-Yearim karo diweling mangkene: “Para wong Filisti wis ngulihake pethine Sang Yehuwah; padha tekaa lan pethine gawanen menyang panggonanmu.”

maca bab lengkap 1 Samuel 6