Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 6:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawise pitung sasi lawase anggone pethi prajanjiane Sang Yehuwah ana ing wewengkone wong Filisti,

2. wong Filisti nglumpukake para imam lan juru tenung, pangucape: “Pethining prajanjianipun Sang Yehuwah punika kedah dipun punapakaken? Kula mugi panjenengan ngandikani kados pundi anggenipun mangsulaken pethi punika dhateng panggenanipun.”

3. Wangsulane wong-wong iku: “Manawi badhe mangsulaken pethining Allahipun Israel punika, sampun dipun wangsulaken kanthi nglaha, panjenengan kedah ngaturaken tebusaning kalepatan dhateng Panjenenganipun; panjenengan lajeng badhe sami saras lan badhe mirsa, punapa sebabipun, dene astanipun boten mundur saking panjenengan.”

4. Wong-wong mau nuli takon: “Tebusaning kalepatan, ingkang kedah kula caosaken punika punapa?” Wangsulane: “Sami kaliyan cacahipun ratu-kitha ing Filisti, wudun emas gangsal, tuwin tikus emas gangsal, awit ingkang tumempuh dhateng panjenengan sadaya saha para ratu-kitha panjenengan punika kacilakan ingkang sami.

5. Milanipun kadamelna pepethan wudun-wudun panjenengan tuwin pepethan tikus, ingkang ngrisak pasiten panjenengan, saha ngaturna kurmat panjenengan dhateng Gusti Allahipun Israel. Bokmanawi Panjenenganipun lajeng badhe ngunduraken astanipun ingkang awrat pametekipun punika saking panjenengan, saking allah panjenengan saha saking pasiten panjenengan.

maca bab lengkap 1 Samuel 6