Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 4:1a-10 Kitab Sutji (JAV)

1a. Lan pangandikane Nabi Samuel nyrambahi ing sawaratane tanah Israel.

1b. Kacarita wong Israel mangsah perang nglawan wong Filisti lan ngadegake kemah ana ing sacedhake Eben-Haezer, lan wong Filisti ana ing Afek.

2. Wong Filisti padha pacak baris adu-arep karo wong Israel. Bareng rame-ramene perang, bala Israel banjur kagecak dening wong Filisti, kang njalari tiwase watara wong patang ewu ana ing satengahe peperangan iku.

3. Nalika wadyabala iku bali menyang pakemahan, para tetuwane Israel padha ngucap: “Yagene Sang Yehuwah kok ndadekake aku padha kagecak kalah dening wong Filisti ing dina iki? Payo padha marani pethi prajanjiane Sang Yehuwah saka ing Silo, supaya Panjenengane rawuh ing tengah-tengah kita lan nguwalake kita saka ing tanganing mungsuh kita.”

4. Bangsa iku nuli kongkonan wong menyang ing Silo, nuli ngusung pethi prajanjiane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, kang lenggah sadhuwuring kerub; putrane Imam Eli karo pisan: Hofni lan Pinehas padha ngiring ana ing sacedhake pethi prajanjiane Gusti Allah iku.

5. Satekane pethi prajanjiane Sang Yehuwah ana ing pakemahan, sakehing wong Israel padha surak-surak seru, nganti ngoregake bumi.

6. Lan wong Filisti kang padha krungu suraking wong mau padha ngucap: “Iki swara apa ta kang sora ana ing pakemahane wong Ibrani iku?” Bareng padha ngreti, yen pethine Sang Yehuwah wus teka ing pakemahan,

7. temahan padha miris atine, awit pangucape: “Gusti Allahe bangsa iku wis rawuh ana ing pakemahan,” lan kawetu tembunge: “Bilai kita, amarga sadurunge, durung tau kelakon kang kaya mangkono iku.

8. Bilai kita! Sapa kang nguwalake kita saka astane Gusti Allah kang nggegirisi banget iku? Iku iya Gusti Allah kang nggebagi wong Mesir srana wewelak rupa-rupa ana ing pasamunan.

9. He wong Filisti, ditatag atimu lan dilanang, supaya ora dadi kawulane bangsa Ibrani iku, kaya dene anggone wong-wong iku biyen padha ngawula marang kowe. Tandangmu dilanang lan mangsaha perang!”

10. Banjur padha mangsah perang, temah wong Israel padha kasoran, padha keplayu menyang ing pakemahane dhewe-dhewe. Luwih dening banget anggone kasoran. Wong Israel kang mati telung puluh ewu, bala dharatan.

maca bab lengkap 1 Samuel 4