Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 4:15-22 Kitab Sutji (JAV)

15. Imam Eli iku yuswane wus sangang puluh wolu taun lan paningale wus lamur, temah ora bisa mirsa maneh.

16. Ature wong mau marang Imam Eli: “Kula keplajeng saking ing satengahing peperangan, saweg ing dinten punika kula mlajeng saking peperangan.” Pandangune Imam Eli: “Kapriye kaanane, ngger?”

17. Wangsulane kang nggawa pawarta mau: “Bangsa Israel sami keplajeng saking ngajengipun bangsa Filisti, rakyat ing ngriki kasoran sanget, punapa dene putra panjenengan kekalih: Imam Hofni lan Pinehas sampun sami seda, sarta pethinipun Gusti Allah dipun bandhang.”

18. Nalika wong mau matur bab pethine Sang Yehuwah, Imam Eli banjur dhawah kelumah saka ing kursine sandhing gapura, temah tugel janggane nuli seda. Amarga wus sepuh tur lema sarirane. Anggone jumeneng hakim lan mrentah wong Israel lawase patang puluh taun.

19. Anadene putrane mantu, garwane Imam Pinehas, wus mbobot sepuh. Bareng mireng yen pethine Sang Yehuwah kena kabandhang lan kang rama marasepuh, apadene kakunge seda, banjur ndheprok, terus mbabar, amarga dadakan nyakiti.

20. Nalika ndungkap seda, para wong wadon kang padha ngadeg ing sandhinge, padha matur: “Sampun sumelang, amargi panjenengan sampun mbabar putra kakung.” Nanging wus ora sumaur lan ora nggatosake.

21. Bayine dijenengake Ikabod, pangucape: “Kaluhuran wus sumingkir saka ing Israel” -- amarga pethine Sang Yehuwah wus kabandhang lan marga saka marasepuh lan kang kakung.

22. Pangucape: “Kaluhuran wus sumingkir saka Israel, amarga pethine Sang Yehuwah wus kabandhang.”

maca bab lengkap 1 Samuel 4