Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 30:8-15 Kitab Sutji (JAV)

8. Sang Dawud banjur munjuk marang Pangeran Yehuwah: “Kawula punapa Paduka karsakaken mbujeng grombolan punika? Punapa kawula saged nututi?” Lan Panjenengane ngandika marang Sang Dawud: “Burunen, awit sira mesthi bakal bisa nututi wong-wong iku lan ngluwari para kang padha katawan.”

9. Sang Dawud banjur bidhal kadherekake bala wong nem atus, lakune wus padha tekan ing kali Besor; balane salong ana kang kari ana ing kono.

10. Sang Dawud anggone ngoyak katerusake didherekake bala wong patang atus. Wong rong atus kang wis sayah banget, nganti ora bisa nyabrang ing kali Besor, padha kari ana ing kono.

11. Sawuse mangkono wong-wong padha mrangguli wong Mesir ana ing ara-ara; iku nuli disowanake marang ngarsane Sang Dawud. Wong iku diwenehi roti banjur mangan nuli diwenehi ngombe banyu,

12. apadene diwenehi kuwih anjir sairis, lan kuwih kismis rong emplek; sawise mangan banjur katon waras maneh, amarga mentas ora mangan lan ora ngombe sajrone telung dina telung bengi.

13. Sang Dawud nuli ndangu marang wong mau: “Kowe iku bature sapa lan pinangkamu saka ing ngendi?” Wangsulane wong mau: “Kula punika tiyang nem-neman saking Mesir, rencangipun tiyang Amalek. Kula dipun tilar bendara kula, amargi tigang dinten kepengker kula lajeng sakit.

14. Kula mentas sami nggepuk Tanah Negeb gadhahanipun tiyang Kreti tuwin daerah Yehuda saha Tanah Negeb Kaleb, lan Ziklag sampun kula besmi ngantos telas.”

15. Sang Dawud ndangu maneh: “Apa kowe bisa nuduhake dalane menyang panggonane grombolan iku?” Ature wong mau: “Sumangga panjenengan supaos atas asmanipun Sang Yehuwah agesang, bilih panjenengan boten badhe mejahi kula saha masrahaken badan kula dhateng bendara kula, kula lajeng badhe nedahaken panggenanipun grombolan punika.”

maca bab lengkap 1 Samuel 30