Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 30:2-13 Kitab Sutji (JAV)

2. Wong-wong wadon lan sakehe wong lanang kang ana ing kono, tuwa anom, wis padha ditawan, tanpa ana kang dipateni siji-sijia, kabeh padha kagiring kalawan nerusake lakune.

3. Bareng Sang Dawud sabalane rawuh ing kono, kutha iku wus kobong nganti entek, dene para bojone lan anak-anake lanang wadon padha ditawan.

4. Sang Dawud muwun, sarta para balane kabeh padha nangis, dumeling swarane, nganti kentekan swara.

5. Garwane Sang Dawud karo pisan uga katut katawan, yaiku: Ahinoam, wong wadon saka Yizreel, lan Abigail randhane Nabal wong ing Karmel.

6. Lan Sang Dawud wis kepepet banget, amarga balane wis padha rasanan arep mbenturi watu. Wong kabeh padha susah banget atine, jalaran saka bojone lan anake lanang-wadon. Nanging Sang Dawud nyantosakake piandele marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe.

7. Sang Dawud banjur dhawuh marang Imam Abyatar bin Akhimelekh: “Efodipun sampeyan bekta mriki.” Imam Abyatar banjur ngaturake Efode marang Sang Dawud.

8. Sang Dawud banjur munjuk marang Pangeran Yehuwah: “Kawula punapa Paduka karsakaken mbujeng grombolan punika? Punapa kawula saged nututi?” Lan Panjenengane ngandika marang Sang Dawud: “Burunen, awit sira mesthi bakal bisa nututi wong-wong iku lan ngluwari para kang padha katawan.”

9. Sang Dawud banjur bidhal kadherekake bala wong nem atus, lakune wus padha tekan ing kali Besor; balane salong ana kang kari ana ing kono.

10. Sang Dawud anggone ngoyak katerusake didherekake bala wong patang atus. Wong rong atus kang wis sayah banget, nganti ora bisa nyabrang ing kali Besor, padha kari ana ing kono.

11. Sawuse mangkono wong-wong padha mrangguli wong Mesir ana ing ara-ara; iku nuli disowanake marang ngarsane Sang Dawud. Wong iku diwenehi roti banjur mangan nuli diwenehi ngombe banyu,

12. apadene diwenehi kuwih anjir sairis, lan kuwih kismis rong emplek; sawise mangan banjur katon waras maneh, amarga mentas ora mangan lan ora ngombe sajrone telung dina telung bengi.

13. Sang Dawud nuli ndangu marang wong mau: “Kowe iku bature sapa lan pinangkamu saka ing ngendi?” Wangsulane wong mau: “Kula punika tiyang nem-neman saking Mesir, rencangipun tiyang Amalek. Kula dipun tilar bendara kula, amargi tigang dinten kepengker kula lajeng sakit.

maca bab lengkap 1 Samuel 30