Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 3:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. Wong anom Samuel iku ngabdi marang Sang Yehuwah, diawat-awati Imam Eli. Ing nalika samana arang ana pangandikane Sang Yehuwah, malah sanadyan wahyu iya mung kala-kala anane.

2. Nuju sawijining dina Imam Eli, kang tingale wis lamur lan ora bisa mirsani cetha, pinuju sarean ana ing pasareane.

3. Lampuning padalemane Gusti Allah durung mati. Samuel wis turu ana ing padalemane suci Sang Yehuwah, papaning pethine Gusti Allah.

4. Sang Yehuwah nuli nimbali: “Samuel, Samuel!” lan Samuel matur: “Nuwun kula Rama!”

5. Samuel banjur mlayu marani Imam Eli sarta matur: “Nuwun kula, Rama, punapa Rama nimbali kula?” Nanging Imam Eli ngandika: “Aku ora ngundang, balia turu maneh!” Samuel banjur bali turu.

6. Lan Sang Yehuwah nimbali Samuel maneh. Samuel iya banjur tangi, nuli marani Imam Eli sarta matur: “Nuwun kula, Rama, punapa Rama nimbali kula?” Nanging Imam Eli ngandika: “Aku ora ngundang, ngger anakku, balia turu maneh!”

7. Samuel durung wanuh karo Sang Yehuwah. Pangandikane Sang Yehuwah durung tau kawedhar marang Samuel.

8. Lan Sang Yehuwah nimbali Samuel maneh, kang kaping telune. Samuel iya banjur tangi nuli marani Imam Eli sarta matur: “Nuwun kula, Rama, punapa Rama nimbali kula?” Imam Eli banjur ngretos, manawa Sang Yehuwah kang nimbali bocah iku.

9. Mulane Imam Eli ngandika marang Samuel: “Mapana turu maneh lan manawa kowe ditimbali, matura mangkene: Dhuh Sang Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngandika, amargi abdi Paduka punika mirengaken.” Samuel banjur bali mapan turu maneh ana ing paturone.

10. Sang Yehuwah banjur ngrawuhi jumeneng ana ing kono lan nimbali kaya kang uwis-uwis: “Samuel, Samuel!” Lan Samuel matur: “Paduka mugi karsaa ngandika, amargi abdi Paduka mirengaken.”

11. Sang Yehuwah banjur ngandika marang Samuel: “Wruhananira, Ingsun bakal nindakake sawijining prakara ana ing Israel, temah sadhengah wong kang krungu bakal sumruweng kupinge karo pisan.

12. Ing dina iku Ingsun netepi tumrap Eli, samubarang kang Sunngandikakake bab kulawargane, saka wiwitan tekan wekasan.

13. Ujer wus Sundhawuhake yen Ingsun bakal ngukum kulawargane ing salawas-lawase, amarga saka dosa kang disumurupi, yaiku anggone anak-anake nyawiyah Gusti Allah nanging ora disrengeni.

14. Mulane Ingsun wus supaos marang kulawargane Eli yen dosane kulawargane ora bisa diruwat sarana kurban sembelehan utawa kurban dhaharan nganti ing salawas-lawase.”

maca bab lengkap 1 Samuel 3