Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 28:4-11 Kitab Sutji (JAV)

4. Wong Filisti iku padha nglumpuk lan banjur mangkat nglurug lan ngedegake kemahe ana ing sacedhake Sunem. Dene Sang Prabu Saul ngerigake sakehe wong Israel, banjur padha ngedegake kemahe ana ing Gilboa.

5. Bareng Sang Prabu Saul mirsa wadyabala Filisti, panjenengane ajrih lan gumeter banget.

6. Lan Sang Prabu Saul neges marang Sang Yehuwah, nanging Sang Yehuwah ora paring wangsulan, apa srana impen utawa Urim apa lantaran para nabi.

7. Sang Prabu Saul banjur ngandika marang para punggawane: “Ingsun golekna wong wadon prewangan, ingsun bakal mrana lan mundhut pituduhe.” Para punggawane padha munjuk marang Sang Prabu: “Ing Endor wonten tiyang estri prewangan.”

8. Sang Prabu banjur namur lampah ngrasuk pangageman seje lan tindak kadherekake abdi loro. Bareng Sang Prabu ing wayah bengi rawuh ing panggonane wong wadon mau, banjur ngandika: “Mara aku tenungna lumantar roh lan undangna wong kang bakal dakpratelakake.”

9. Nanging wong wadon mau mangsuli: “Panjenengan rak temtu mangretos, ingkang dipun tindakaken Sang Prabu Saul, bilih Sang Prabu sampun nyirnakaken saking nagari para prewangan lan juru mbebatang. Kenging punapa panjenengan masangi jiret nyawa kula kadamel mejahi kula?”

10. Sang Prabu Saul banjur supaos demi asmane Sang Yehuwah, pangandikane: “Demi asmane Sang Yehuwah agesang, kowe ora bakal kaluputan marga saka prakara iki.”

11. Sawuse iku wong mau pitakon: “Sinten ingkang kedah kula dhatengaken, supados ngatingali panjenengan?” Paring wangsulane Sang Prabu Saul: “Aku undangna Nabi Samuel, supaya ngatingali marang aku.”

maca bab lengkap 1 Samuel 28