Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 28:18-25 Kitab Sutji (JAV)

18. Amarga kowe ora ngestokake dhawuhe lan ora ngleksanani mulad-mulading bebendune marang wong Amalek, yaiku jalarane Sang Yehuwah nandukake prakara iki marang kowe ing dina iki.

19. Apadene Sang Yehuwah bakal masrahake wong Israel bareng karo kowe marang tangane wong Filisti, lan sesuk kowe sarta anak-anakmu bakal nunggal karo aku. Wadya-bala Israel bakal kapasrahake uga dening Sang Yehuwah marang tangane wong Filisti.”

20. Padha sanalika Sang Saul dhawah nggejojor, amarga saka bangeting ajrihe bareng mireng pangandikane Nabi Samuel iku. Uga wus ora kagungan karosan maneh, amarga sadina sawengi ora dhahar apa-apa.

21. Wong wadon mau nyedhaki Sang Prabu Saul banjur sumurup, yen Sang Prabu banget kagete. Wong wadon mau banjur munjuk: “Lah abdi dalem sampun ngestokaken pamundhut panjenengan dalem lan ngleksanani dhawuh pangandika dalem klayan ngetohaken nyawa kawula.

22. Milanipun mugi karsaa miyarsakaken panyuwunipun abdi dalem. Kalilanana kawula nyaosi panjenengan dalem roti sairis, kadhahara, supados panjenengan dhalem angsal kakiyatan, manawi panjenengan dalem badhe nglajengaken tindak.”

23. Nanging Sang Prabu Saul ora karsa sarta ngandika: “Ingsun ora arep dhahar.” Nanging nalika para abdine lan wong wadon mau ndhesek banget, panyuwune nuli dituruti, banjur jumeneng saka ing bumi lan lenggah ana ing amben.

24. Wong wadon mau duwe pedhet lemon ana ing omahe, iku banjur age-age disembeleh. Banjur njupuk glepung gandum, diulet lan dipanggang dadi roti tanpa ragi.

25. Iku mau kabeh diladekake ing ngarsane Sang Prabu Saul lan ing ngarepe para punggawane, kabeh nuli padha mangan. Sawuse iku banjur padha ngadeg lan ing bengi iku uga padha lunga saka ing kono.

maca bab lengkap 1 Samuel 28