Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 26:9-19 Kitab Sutji (JAV)

9. Nanging Sang Dawud ngandika marang Abisai: “Aja koksedani panjenengane, amarga sapa ta kang namakake tangane marang jebadane Sang Yehuwah, kok ora luput saka ing paukuman?”

10. Sang Dawud ngandika maneh: “Demi asmane Pangeran Yehuwah kang gesang, Pangeran Yehuwah kang bakal nggebag, embuh nganti tumeka ing patine, embuh marga nglurug perang lan tiwas ana ing paprangan.

11. Muga Pangeran Yehuwah ngedohna aku saka namakake tanganku marang jebadane Pangeran Yehuwah. Tumbak kang ana ing ulon-ulone lan kendhi iku jupuken lan payo padha lunga.”

12. Sang Dawud banjur mundhut tumbak lan kendhi saka ing ulon-ulone Sang Prabu Saul, karone banjur padha mundur. Ora ana kang meruhi, ora ana kang ngonangi, ora ana kang nglilir, amarga kabeh padha turu kepati, awit Pangeran Yehuwah damel supaya wong-wong iku padha turu kepati.

13. Bareng Sang Dawud wis rawuh ing sabrang ing sisih kana, nuli jumeneng ana ing pucaking gunung, kapara adoh dadi lete adoh karo wong-wong mau.

14. Sang Dawud banjur nguwuh-uwuh marang balane lan Senapati Abner bin Ner, pangandikane: “Senapati Abner, kenging punapa sampeyan boten sumaur?” Senapati Abner mangsuli: “Kowe iki sapa kang nguwuh-uwuh marang Sang Prabu?”

15. Sang Dawud ngandika maneh marang Sang Abner: “Sampeyan punika rak tiyang jaler? Sinten ing antawisipun bangsa Israel ingkang nyameni sampeyan? Kenging punapa sampeyan boten ngreksa dhateng ratu sampeyan? Amargi wonten tiyang saking panunggilanipun rakyat ingkang dhateng badhe nyidra Sang Prabu, Gusti sampeyan.

16. Ingkang sampeyan tindakaken punika boten sae. Demi asmanipun Pangeran Yehuwah agesang, sampeyan wajib dipun pejahi, amargi sampeyan boten ngreksa gusti sampeyan, jebadanipun Sang Yehuwah. Sapunika, sampeyan titipriksa, wonten ing pundi waos saha lantingan ingkang wonten ing ulon-ulonipun Sang Prabu?”

17. Sang Prabu Saul ora pangling marang swarane Sang Dawud, banjur ngandika: “Iku apa swaranira, putraningsun Dawud?” Sang Dawud mangsuli ature: “Inggih dhuh gusti kawula Sang Prabu punika swanten kawula.”

18. Sang Dawud nuli matur maneh: “Kenging punapa ta panjenengan dalem kok nguya-uya abdi dalem punika? Punapa kalepatan kawula? Kalepatan piawon punapa ta tangan kawula?

19. Milanipun, gusti kawula Sang Prabu mugi miyarsakna aturipun abdi dalem punika. Manawi Pangeran Yehuwah ingkang ngosikaken panjenengan dalem supados nglawan dhumateng kawula, mugi Pangeran sinaosana gandaning kurban sesaosan, nanging manawi punika para anaking manungsa, kenginga ipat-ipat wonten ing ngarsanipun Pangeran Yehuwah, amargi tiyang-tiyang punika sami nundhung kawula, temah kawula boten angsal panduman saking kagunganipun Gusti Allah kaliyan tembungipun: Lungaa, ngabektia marang allah liyane.

maca bab lengkap 1 Samuel 26