Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 26:3-10 Kitab Sutji (JAV)

3. Sang Prabu Saul ngadegake kemah ana ing gunung Hakhila ngadhepake pasamunan ing pinggir dalan. Dene Sang Dawud lereb ana ing pasamunan. Bareng Sang Dawud mirsa, yen Sang Prabu Saul nututi menyang ing pasamunan,

4. banjur utusan para telik, nuli kasumurupan, yen Sang Prabu Saul rawuh temenan.

5. Sang Dawud banjur tindak murugi pakemahane Sang Prabu Saul. Bareng Sang Dawud mirsa pasareyane Sang Prabu Saul karo Sang Abner bin Ner, senapatine, -- Sang Prabu sare ana ing satengahe pakemahan, dene para wadyabalane akemah ing sakubenge --

6. Sang Dawud banjur ngandika marang Akhimelek, wong Het lan Abisai bin Zeruya, sadulure Yoab mangkene: “Sapa kang melu aku marani pakemahane Sang Prabu Saul.” Wangsulane Abisai: “Kula ingkang badhe ndherek.”

7. Sang Dawud karo Abisai tekan ing panggonane bala ing wayah bengi lan ing kana Sang Prabu Saul katon sare ana ing satengahe pakemahan, tumbake tumanjeb ing bumi ing ulon-ulone, dene Sang Abner lan balane padha ngglethak ana ing sakubenge.

8. Abisai banjur matur marang Sang Dawud : “Ing dinten punika Gusti Allah sampun masrahaken satru panjenengan wonten ing asta panjenengan, milanipun kalilanana kula nunjemaken Sang Prabu ing bumi kaliyan waos punika, cekap namung sajojohan kemawon, boten sisah kaping kalih.”

9. Nanging Sang Dawud ngandika marang Abisai: “Aja koksedani panjenengane, amarga sapa ta kang namakake tangane marang jebadane Sang Yehuwah, kok ora luput saka ing paukuman?”

10. Sang Dawud ngandika maneh: “Demi asmane Pangeran Yehuwah kang gesang, Pangeran Yehuwah kang bakal nggebag, embuh nganti tumeka ing patine, embuh marga nglurug perang lan tiwas ana ing paprangan.

maca bab lengkap 1 Samuel 26