Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 25:6-19 Kitab Sutji (JAV)

6. lan tekakna salam taklimku iki marang dheweke: Mugi wilujenga! Mugi wilujenga panjenengan, kulawarga panjenengan, saha tiyang ingkang sami ndherek panjenengan.

7. Mentas kemawon kula tampi wartos, bilih sampeyan saweg mbathili menda. Dene para pangen panjenengan boten nate kula arubiru lan boten wonten menda satunggal-tunggala ingkang ical salebetipun kula sami wonten ing Karmel.

8. Kula aturi ndangu para pangen panjenengan piyambak, temtu badhe matur dhateng panjenengan bilih pancen makaten. Milanipun tiyang punika sami manggiha sihpiwelas panjenengan, punika rak kaleresan dinten riyaya? Panjenengan karsaa maringi punapa sawontenipun dhateng para abdi panjenengan saha ingkang putra Dawud.”

9. Satekane ing kana utusane Sang Dawud padha matur marang Nabal atas asmane Sang Dawud ngepleki kaya kang dadi piwelinge Sang Dawud, nuli padha ngenteni.

10. Nanging Nabal mangsuli marang para utusane Sang Dawud mau, pangucape: “Dawud iku sapa? Anake Isai iku sapa? Ing wektu iki akeh para batur kang minggat ninggal bendarane.

11. Apa memper aku njupuk rotiku, banyu omben-ombenku lan kewan belehanku kang daksembeleh kanggo wong-wongku juru ngguntingi, dakwenehake marang wong kang ora genah saka ngendi pinangkane?”

12. Para utusane Sang Dawud nuli padha bali lan sabaline padha matur marang Sang Dawud ngepleki kaya kang diucapake dening Nabal marang wong-wong mau.

13. Sang Dawud nuli ngandika marang balane: “Kowe kabeh padha nyengkelita pedhang!” Nuli padha nyengkelit pedhang; Sang Dawud piyambak uga nyengkelit pedhange. Ing wektu samana ana wong watara patang atus kang padha ndherekake Sang Dawud nglurug, dene kang rong atus padha kari tunggu barang-barange.

14. Nanging Abigail, somahe Nabal, diwartani dening salah sawijining bature, pangucape: “Kauningana, Sang Dawud mentas utusan tiyang saking pasamunan ngaturi wilujeng dhateng bendara kula, nanging malah dipun ungel-ungeli awon.

15. Mangka tiyang-tiyang punika sami sae sanget tandukipun dhateng kula sadaya, sami boten ngarubiru kula lan kula sami boten kecalan punapa-punapa salaminipun kula sami sesrawungan kaliyan tiyang-tiyang punika wonten ing pangenan.

16. Tiyang-tiyang punika sami prasasat pager tembok ing sakubeng kula rinten dalu, salaminipun kula sami ngengen menda wonten ing sacelakipun.

17. Milanipun, panjenengan galih saha panjenengan limbang-limbang, punapa ingkang prayogi panjenengan lampahi, amargi sampun dipun temtokaken, bilih bendara kula dalasan sakulawarganipun badhe manggih bilai, mangka bendara kula punika panggalihipun awon, temah boten saged dipun ajak rerembagan.”

18. Abigail enggal-enggal banjur njupuk roti rong atus iji, anggur rong impes, wedhus gembel lima kang wis kaolah, emping gandum limang taker, kuweh kismis satus emplek, kuweh anjir rong atus iji, dimotake ing kuldi;

19. banjur prentah marang para bature: “Lumakua ndhisiki aku, aku enggal nututi kowe.” Nanging Nabal, bojone ora diwenehi sumurup.

maca bab lengkap 1 Samuel 25