Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 25:30-44 Kitab Sutji (JAV)

30. Manawi Sang Yehuwah nandukaken ingkang cundhuk kaliyan sakathahing kasaenanipun kados ingkang kadhawuhaken Pangeran dhumateng panjenengan dalem lan panjenengan dalem kadhawuhan dados ratunipun bangsa Israel,

31. panjenengan dalem boten perlu sekel ing galih lan kaduwung margi ngwutahaken rah tanpa sebab, saha panjenengan dalem tumindak piyambak ngupados kaleresan. Lan manawi Sang Yehuwah nandukaken kasaenan dhateng bendara kawula, mugi ngengetana dhateng abdi paduka punika.”

32. Sang Dawud tumuli ngandika marang Abigail: “Pinujia asmane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kang ngutus kowe methukake aku ing dina iki.

33. Pinujia kawicaksananmu lan pinujia kowe dhewe, dene ing dina iki kowe menggak aku saka anggonku arep ngwutahake getih lan tumindak dhewe ngupaya kabeneran.

34. Nanging demi asmane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel kang gesang, kang menggak aku saka anggonku arep nandukake piala marang kowe -- saupama kowe ora age-age teka methukake aku, wong-wonge Nabal kang lanang mesthi ora bakal ana siji-sijia kang kari urip nganti ing wayah byar esuk.”

35. Sang Dawud banjur nampeni saka wong wadon iku apa kang dicaosake marang panjenengane, sarta ngandika: “Muliha kanthi slamet; lan aku wis krungu aturmu lan bakal nyembadani panyuwunmu.”

36. Saulihe Abigail tekan ing panggonane Nabal, lah wonge lagi nganakake bujana ing omahe wis kaya bujananing raja. Nabal bungah-bungah nganti mendem kepati, mulane kang wadon ora martani sakecap-kecapa, nganti tumeka byar esuk.

37. Nanging esuke, nalika Nabal wus ora mendem, lagi diblakani dening somahe mungguh sakehe prakara iku. Dumadakan jantunge mandheg ing dhadhane lan awake kaku.

38. Lan let watara sepuluh dina sawise iku Pangeran Yehuwah nggebag Nabal, nganti dadi lan patine.

39. Nalika wartane kapireng dening Sang Dawud, pangandikane: “Pinujia asmane Sang Yehuwah, kang mbelani aku ing bab panyamahe Nabal marang aku lan ngampah abdine saka ing panggawe ala. Sang Yehuwah wis nampekake pialane Nabal marang sirahe dhewe.” Sang Dawud banjur utusan wong ngrembug karo Abigail anggone arep dipundhut garwa.

40. Para abdine Sang Dawud nuli nemoni Abigail ana ing Karmel lan pratela marang wong wadon iku mangkene: “Sang Dawud ngutus kula sowan panjenengan, panjenengan punapa karsa dipun pundhut garwa?”

41. Wong wadon iku tumuli gumregah ngadeg, sujud nyembah sumungkem raine konjem ing bumi sarta matur: “Abdi paduka punika saestu kepengin dados parekan ingkang ngwisuhi sukunipun para abdi paduka punika.”

42. Abigail banjur enggal-enggal tata-tata lan nunggang kuldine lan diiringake batur wadon lima. Abigail budhal ngetutake utusane Sang Dawud iku, lan banjur dadi garwane Sang Dawud.

43. Uga Ahinoam wong ing Yizreel wus dipundhut dadi garwane. Putri loro mau dadi garwane.

44. Nanging Sang Prabu Saul wus nrimakake Sang Putri Mikhal, putrane putri marang Sang Palti bin Lais, kang saka ing Galim.

maca bab lengkap 1 Samuel 25