Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 24:11-23 Kitab Sutji (JAV)

11. Kauningana, ing dinten punika panjenengan dalem mirsa piyambak, bilih Sang Yehuwah sampun masrahaken panjenengan dalem ing tangan kawula wonten ing guwa punika; wonten tiyang ingkang aken kawula supados nyedani panjenengan dalem, nanging kawula ngeman dumateng panjenengan dalem, awit pamanggih kawula: Aku ora bakal mulung tanganku nglawan marang gustiku, amarga panjenengane wus jinebadan dening Sang Yehuwah.

12. Panjenengan dalem pirsani rumiyin, dhuh kanjeng rama, panjenengan dalem pirsani poncoting jubah pangageman dalem ing tangan kawula punika! Mirid saking anggen kawula ngiris poncoting jubah pangageman dalem, ewadene boten ngantos nyedani panjenengan dalem, panjenengan dalem rak saged mirsa lan nguningani, bilih tangan kawula resik saking piawon lan cidra saha bilih kawula boten nglampahi dosa wonten ing ngarsa panjenengan dalem, sanajan panjenengan dalem nguya-uya kawula lan ngangkah nyawa kawula.

13. Sang Yehuwah mugi dadosa hakim ing antawis kawula kaliyan panjenengan dalem, Sang Yehuwah mugi malesaken kawula dhateng panjenengan dalem, nanging tangan kawula boten badhe nempuh panjenengan dalem.

14. Kados bebasanipun tiyang sepuh-sepuh makaten: Wong dursila nuwuhake kadursilan. Nanging tangan kawula boten badhe nempuh panjenengan dalem.

15. Ratunipun Israel nglurugi perang sinten? Sinten ingkang panjenengan dalem oyak-oyak? Segawon pejah! Namung pinjal!

16. Milanipun, mugi Sang Yehuwah dadosa hakim ingkang ndhawahaken kaleresan ing antawisipun kawula kaliyan panjenengan dalem. Panjenenganipun mugi ngudanenana saha mbelani prakawis kawula lan paring kaadilan dhumateng kawula saha ngluwari kawula saking asta dalem.”

17. Bareng Sang Dawud wus rampung anggone munjuk mengkono iku marang Sang Prabu Saul, Sang Prabu Saul banjur ngandika: “Apa iku suwaranira, he putraningsun Dawud?” Sawuse iku Sang Prabu muwun kanthi suwara dumeling.

18. Pangandikane marang Sang Dawud: “Becik sira tinimbang ingsun, amarga sira nandukake kabecikan marang ingsun, mangka ingsun nandukake piala marang sira.

19. Ing dina iki sira wus nelakake kabecikanira marang ingsun. sanadyan Sang Yehuwah wus masrahake ingsun marang tanganira ewadene sira ora nyedani ingsun.

20. Saupama sawijining wong kepethuk karo satrune apa iya dieculake temah iku bisa lunga kanthi slamet? Muga-muga Sang Yehuwah ngganjara kabecikan marang sira, minangka lirune apa kang wus sira tandukake marang ingsun ing dina iki.

21. Anadene ingsun wis mirsa, yen sira mesthi bakal jumeneng ratu lan kapraboning Israel bakal lestari santosa ana ing tanganira.

22. Mulane ingsun mundhut supatanira marang ingsun demi asmane Sang Yehuwah, yen sira ora bakal nyirnakake tedhak-turuningsun sarta mbusek asmaningsun saka ing kulawarganingsun.”

23. Sang Dawud banjur supaos marang Sang Prabu Saul, Sang Prabu Saul tumuli kondur menyang ing daleme, dene Sang Dawud sabalane padha munggah ing beteng gunung.

maca bab lengkap 1 Samuel 24