Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 24:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Sang Dawud banjur tindak saka kono, banjur lereb ing beteng-beteng gunung, ing En-Gedi.

2. Nalika Sang Prabu Saul kondur sawuse ngoyak-oyak wong Filisti, diaturi uninga mangkene: “Kauningana, Dawud wonten ing pasamunan En-Gedi.”

3. Sang Prabu Saul nuli ngumpulake wong pilihan saka sakehing wong Israel cacahe telung ewu, banjur tindak nglari Sang Dawud lan balane ana ing gunung parang Wedhus Alasan.

4. Panjenengane rawuh ing kandhang-kandhang wedhus ing pinggir dalan. Ing kono ana guwane lan Sang Prabu Saul mlebet ing kono arep turas, mangka Sang Dawud lenggah kalawan balane ana ing sajroning guwa, ing sisih buri.

5. Para balane Sang Dawud banjur matur marang panjenengane: “Dinten ingkang dipun pangandikakaken dening Sang Yehuwah sampun dumugi: Lah, Ingsun masrahake satrunira ana ing tanganira, tindakna apa kang sira anggep prayoga.” Sang Dawud banjur jumeneng, lan ngiris poncoting jubah pangagemane Sang Prabu Saul kalawan colongan.

6. Panggalihe Sang Dawud dadi goreh amarga ngiris poncoting pangagemane Sang Prabu Saul;

7. nuli ngandika marang para pandhereke: “Sang Yehuwah muga ngedohna aku saka pratingkah kang mangkono marang gustiku, marang jebadaning Yehuwah, yaiku mulung tangaku nglawan marang panjenengane, awit panjenengane iku kang jinebadan dening Sang Yehuwah.”

8. Lan Sang Dawud nyegah para pandhereke klawan pangandika kang kaya mangkono iku; panjenengane ora nglilani wong-wong iku nempuh nglawan Sang Prabu Saul. Kacarita Sang Prabu Saul wus jumeneng lan nilar guwa iku arep nglajengake tindake.

9. Sawuse mangkono Sang Dawud uga jumeneng medal saka ing guwa iku lan nguwuh-uwuh marang Sang Prabu Saul saka ing pengkerane, ature: “Dhuh Gusti kawula Sang Prabu, ratu kawula.” Sang Prabu Saul noleh, Sang Dawud nuli jengkeng kalawan pasuryane nganti konjem ing bumi, sarta banjur sujud nyembah.

10. Sang Dawud banjur matur marang Sang Prabu: “Kenging punapa dene panjenengan dalem kok miyarsakaken dhateng tembungipun tetiyang ingkang sami munjuk: Lah Dawud ngangkah dhateng bilai dalem.

maca bab lengkap 1 Samuel 24