Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 22:3-10 Kitab Sutji (JAV)

3. Saka ing kono Sang Dawud tindak menyang ing Mizpa ing tanah Moab lan matur marang ratu ing negara Moab: “Keparenga bapa saha biyung kawula manggen ing nagari dalem, ngantos kawula mangertos, punapa ingkang dados pangrehipun Gusti Allah dhateng kawula.”

4. Rama ibune banjur disowanake marang ing ngarsane ratu ing nagara Moab lan manggen ndherek Sang Prabu, sajrone Sang Dawud ngembara ana ing beteng ing gunung.

5. Nanging Nabi Gad matur marang Sang Dawud: “Panjenengan sampun wonten ing beteng redi punika, kula aturi jengkar lan kondur dhateng tanah Yehuda.” Sang Dawud nuli tindak menyang ing alas Kheret.

6. Prakara iku kapiyarsa dening Sang Prabu Saul, amarga Sang Dawud lan wong kang padha ndherekake konangan panggonane. Dene Sang Prabu Saul ana ing Gibea, mbeneri lenggah ana ing ngisor wit esel ing tetengger, klawan ngasta towok lan kaadhep dening sakehing punggawane.

7. Sang Prabu nuli ngandika marang para punggawa kang padha ngadhep: “He para wong Benyamin, padha rungokna. Apa anake Isai uga arep ngwenehi sira kabeh pategalan lan pakebonan anggur, apa sira kabeh bakal didadekake tetindhihe bala sewu utawa satus,

8. dene sira kok padha sakuthon nglawan marang ingsun lan ora ana wong siji-sijia kang matur marang ingsun, yen putraningsun wus nganakake prajanjian karo anake Isai iku? Lan panunggalanira ora ana kang prihatin tumrap ingsun utawa ngaturi pirsa marang ingsun yen putraningsun ngojok-ojoki punggawaningsun nglawan marang ingsun sarta ngalang-alangi ingsun kaya saiki iki.”

9. Doeg, wong Edom kang anggone ngadhep ana ing sacedhake para punggawane Sang Prabu Saul banjur ngaturi wangsulan unjuke: “Kawula sumerep anakipun Isai punika dhateng ing griyanipun Imam Akhimelekh bin Ahitub ing Nob.

10. Piyambakipun neges dhateng Sang Yehuwah kangge Dawud lan nyangoni piyambakipun: ugi pedhangipun Goliat, tiyang Filisti punika dipun sukakaken.”

maca bab lengkap 1 Samuel 22