Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 22:17-23 Kitab Sutji (JAV)

17. Sang Prabu nuli ndhawuhi para prajurit kang ngadhep ana ing ngarsane: “Majua lan para imame Sang Yehuwah iku padha patenana, amarga padha mbyantu Dawud; amarga sanadyan wis padha ngreti, yen Dawud iku minggat ewadene ora padha ngaturi pirsa marang ingsun.” Nanging para punggawane Sang Prabu ora ana kang kumlawe tangane nempuh marang para imame Sang Yehuwah mau.

18. Sang Prabu nuli ngandika marang Doeg: “Kowe majua banjur nempuha marang para imam iku!” Doeg, wong Edom iku, banjur maju lan nempuh marang para imam iku. Ing dina iku Doeg mateni wong wolung puluh lima, kang padha aklambi efod lena.

19. Uga wong ing Nob kuthane imam iku, padha dipateni Sang Prabu klawan landheping pedhang lananga wadona, apadene bocah-bocah lan bayi suson, dalah sapi, kuldi lan wedhuse uga padha dipateni.

20. Nanging sawijining putrane Imam Akhimelekh bin Ahitub, kang jenenge Abyatar, iku bisa oncat lan lumayu sarta banjur dadi pandhereke Sang Dawud.

21. Nalika ngaturi pirsa marang Sang Dawud, manawa Sang Prabu Saul wus mateni para imame Sang Yehuwah,

22. Sang Dawud nuli ngandika marang Abyatar: “Pancen, ing dina iku aku weruh Doeg, wong Edom ana ing kana, aku wis ngira, yen wong iku mesthi bakal ngaturi uninga marang Sang Prabu Saul. Aku kang njalari patine kulawangsamu.

23. Tetepa melu aku, aja wedi, awit sing sapa ngarah nyawamu iku, uga ngarah nyawaku. Ana ing sandhingku kowe slamet.”

maca bab lengkap 1 Samuel 22