Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 22:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Sang Dawud banjur tindak saka ing kono lan ngungsi menyang ing guwa Adulam. Bareng sadherek-sadhereke padha krungu bab iku, padha mrono marani panjenengane.

2. Saben wong kang ngalami karubedan, wong dioyak-oyak ing utang, sadhengah wong kang lara atine, iku uga padha ngempal karo panjenengane. Sang Dawud dadi tetindhihe wong watara patang atus.

3. Saka ing kono Sang Dawud tindak menyang ing Mizpa ing tanah Moab lan matur marang ratu ing negara Moab: “Keparenga bapa saha biyung kawula manggen ing nagari dalem, ngantos kawula mangertos, punapa ingkang dados pangrehipun Gusti Allah dhateng kawula.”

4. Rama ibune banjur disowanake marang ing ngarsane ratu ing nagara Moab lan manggen ndherek Sang Prabu, sajrone Sang Dawud ngembara ana ing beteng ing gunung.

maca bab lengkap 1 Samuel 22